Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
97 dari 149
409–410 dari 650
4.088–4.097 dari 6.494
097.022 wêdanane wong măncanêgari | Ki Tumênggung Darmoyuda sohan | andhèr prasamya apepe | anèng waringin kurung | lan sakancanira bupati | Ngabèi Pajarakan | lawan ki tumênggung | ing nagari ing Caruban | lan tumênggung ing Wirasaba anênggih | Ngabèi Prabalingga ||
097.023 miwah bupatine Gêmbong nangkil | mantri măncanagara sadaya | nèng waringin kurung pepe | katingalan [[f. 358v]: katinga...lan] sang prabu | angandika sri narapati | sapa apepe ika | ing waringin kurung | matur Pangeran Purbaya | inggih adi[1] paduka sri narapati | Ngabèi Darmayuda ||
097.024 sakancanipun măncanêgari | samya pepe ing waringin kêmbar | sang nata pangandikane | maring gandhèk pangayun | sira timbalana dèn aglis | kang kinon awotsêkar | lampahe agupuh | nimbali Ki Darmayuda | sakancane wus kering duta nêrpati | lumpmampah[2] mêmandhapan ||
097.025 prapta ngarsane sri narapati | mukanira lir konjêm pratala | pra punggawa konjêm kabèh | angandika sang prabu | hèh mulane pepe sirèki | Darmayuda anêmbah | kawula anuwun | ngaturakên pêjah gêsang | sangking tiwas kawula têngga nêgari | ing tampingan bang wetan ||
097.026 wontên malih Makasar dhatêngi | wêtawise tiyang kalih nambang | pun Galengsong pangagênge | langkung dènira rusuh | angrêrayah ing têpis iring | nêgari Pajarakan | kang kaambah gêmpur | abdi dalêm alit rêsak | ingkang băngga sadaya dipun pêjahi | ingkang nutut rinayah ||
097.027 abdi dalêm sadaya atintrim | pangagênge Makasar punika | ing Dêmung pasanggrahane | kawula nuwun bêndu | kadospundi karsa nêrpati | sang nata asmu duka | angandika asru | yèn mangkono Darmayuda | sakabèhe iya wong măncanêgari | iku padha muliha ||
097.028 nuli sira pagutên ing jurit | mungsuh Makasar kang [[f. 359r]] lagya prapta | wong wetan kêrigên kabèh | angluruga mring Dêmung | lawan ingsun paringi tindhih | Si Karsula miyanga | angirida laku | prange wong măncanagara | lawan sira gawaa mantri panumping | sèwu lan numbakanyar ||
097.029 wontên lêlurah wong garagêni[3] | aran Ki Ngabèi Wăngsadipa | ya ta ingandikan age | jinunjung ingkang lungguh | pinatêdhan ingkang nagari | ing Japara punika | ngandika sang prabu | Wăngsadipa wis mangkata | anakira Jagamênggala yya kari | milua ing Jêpara ||
097.030 lawan anakira Jagapati | Ragapati milua mring sira | dene lungguhmu ing kene | sun paringkên adhimu | ya Si Tanumanggala iki | tunggua ing Japara | saragêniningsun | Si Gunturgêni milua | lan Si Gulu sanjata agêng akalih | binêkta mring Japara ||
097.031 lawan wêdanane wong pasisir | Mangkunagara sira milua | mring Japara sagamane | dêdimone atugur | mring Japara dèn ngati-ati | ya ta sri naranata | jêngkar angêdhatun | wus rawuh ing dhatulaya | ingkang sohan luwaran para bupati | mantuk ungkur-ungkuran ||
409–410 dari 650

 


1 abdi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 8.23.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 88.57.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 75.22.9; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 38.57.9). (kembali)
2 lumampah. (kembali)
3 saragêni (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 8.29.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 88.63.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 75.28.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 38.63.1). (kembali)