Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
98–99 dari 149
412–413 dari 650
4.112–4.121 dari 6.494
| 098.015 | ing mangke rêmbag manira | Ănggajaya [[f. 360v]: Ăngga...jaya] dadi pangawat kèri | anindhihana ing laku | wong Jipang lan Balora | ing Magêtan Kaduwang lawan Madiun | ing Warung lan Garobogan | dadia pangawat kèri || |
| 098.016 | dene kakang Darmayuda | anèng kanan dadia kang têtindhih | dèn sami prayitnèng kewuh | kang dipun tindhihana | wong Garêsik punika saurutipun | Sarêngat lawan Balitar | Prabalingga lan ing Bangil || |
| 098.017 | kang dadi cucuking yuda | Pranaraga kalawan wong Kadhiri | wong Wirasaba nèng ngayun | lawan wong Kartasura | benjing têmpuh aja na mundur ing kewuh | yèn ana mundur ing rana | sasogên têka ing wuri || |
| 098.018 | manira kang dadi dhadha | kang sun kanthi amung tiyang Mêtawis | sadaya prasamya rêmbug | sagung para bupatya | enjing budhal kang wadya umyang gumuruh | kadya wukir kawêlagar | tanpa wilangan kang baris || |
| 098.019 | datan kawarna ing marga | nagri Japan sêmona sampun prapti | wadyabala tata kumpul | samya prayitnèng baya | wusnya tata sigra laju marang Dêmung | sêdya angantêp ing yuda | kang wadya kagiri-giri || |
| 098.020 | ya ta ingkang kawarnaa | wong Makasar sampun miyarsa warti | yèn wong Mataram kang rawuh | kêrigan wong bang wetan | sêdyanira anglurug dhatêng ing Dêmung | sakèhe wadya Makasar | datan sêdya anguduri || |
| 99. Durma | |
| 099.001 | wong Makasar sampun bêbiting sadaya | baluwarti ainggil | wus samya [[f. 361r]] prayitna | wêtara kalih nambang | wong Makasar anginggahi | pan akêkitha | anèng Dêmung aradin || |
| 099.002 | sira Raja Galengsong lagya sineba | miwah ingkang prajurit | lawan kang santana | nênggih kang sami trêsna | kang ngêtutakên ingkang sih | sami prawira | tate gêpuk nagari || |
| 099.003 | Raja Galengsong aris dènira ngandika |[1] maring Dhaèng Makici | wadya ing Mataram | lawan măncanêgara | sumêdya gêcêk mariki | mungsuh maringwang | apa ta ingkang warti || |
| 099.004 | ya ta Dhaèng Makici aris ngandika | èstu ujaring warti | wadya ing Mataram | lawan măncanagara | akarsa gêcêk mariki | kadya mèh prapta | amêthuk ing ajurit || |
412–413 dari 650
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Raja Galengsong ngandika mring santana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.3.1). (kembali) |