Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
98–99 dari 149
412–413 dari 650
4.117–4.126 dari 6.494
098.020 ya ta ingkang kawarnaa | wong Makasar sampun miyarsa warti | yèn wong Mataram kang rawuh | kêrigan wong bang wetan | sêdyanira anglurug dhatêng ing Dêmung | sakèhe wadya Makasar | datan sêdya anguduri ||
99. Durma
099.001 wong Makasar sampun bêbiting sadaya | baluwarti ainggil | wus samya [[f. 361r]] prayitna | wêtara kalih nambang | wong Makasar anginggahi | pan akêkitha | anèng Dêmung aradin ||
099.002 sira Raja Galengsong lagya sineba | miwah ingkang prajurit | lawan kang santana | nênggih kang sami trêsna | kang ngêtutakên ingkang sih | sami prawira | tate gêpuk nagari ||
099.003 Raja Galengsong aris dènira ngandika |[1] maring Dhaèng Makici | wadya ing Mataram | lawan măncanêgara | sumêdya gêcêk mariki | mungsuh maringwang | apa ta ingkang warti ||
099.004 ya ta Dhaèng Makici aris ngandika | èstu ujaring warti | wadya ing Mataram | lawan măncanagara | akarsa gêcêk mariki | kadya mèh prapta | amêthuk ing ajurit ||
099.005 sira Raja Galengsong asru ngandika | iya bapa abêcik | lamun wong Mataram | amapag yudaningwang | yèn muliha ingsun iki | marang Makasar | kalangkung dening isin ||
099.006 angur ingsun matia ana ing Jawa | tan sae ingsun mulih | angur ngong lajua | aja tanggung ing lampah | sun bêdhahe ing Mêtawis | angur matia | mulih tan angsal kardi ||
099.007 lah sakèhe wong ingsun têka Makasar | padha ngong aja[2] mati | atanggung ing lampah | angur têka lajua | parandene sira mulih | tan antuk karya | angur matia ngriki ||
099.008 wong Mataram yèn prapta angantêp yuda | lah pagutên tumuli | yèn kakehan lawan | ya ta sira mundura | nulya dèn amuk ing wêngi | dimène [[f. 361v]] uga | kuwur tangkêping jurit ||
099.009 sampun prapta wadyabala ing Mataram | kang mêdal sangking kèri | Kyai Ănggajaya | lawan sakancanira | ingkang mêdal kanan singgih | Ki Darmayuda | sakancane ngêbyuki ||
412–413 dari 650

 


1 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Raja Galengsong ngandika mring santana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.3.1). (kembali)
2 ajak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.7.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.7.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.6.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.7.2). (kembali)