Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
98 dari 149
411–412 dari 650
4.105–4.114 dari 6.494
098.008 lagya apamit kang garwa | para putra kabèh sami anangis | mapan samya kêdah tumut | ing rama mangun yuda | ingkang rama tan suka [[f. 360r]] tansah angimur | mring putra lan para garwa | Ki Panji Karsula angling ||
098.009 lah uwis padha karia | dipun bêcik iya sapungkur mami | kaya ingsun nora mantuk | yayi pangrasaningwang | lamun ingsun ing benjing tumêka lampus | ingsun titip putranira | dene iki maksih alit ||
098.010 kang garwa matur karuna | milanipun kyai dika darbèni | pangandika kang kadyèku | dene sêtya angawula |[1] mugi dika tulusa lanang kang pupuh | nora bisa angawula | liyane sangking kiyai ||
098.011 Ki Panji Karsula nêbda | mapan uwis ingsun karasa ngati | mungsuh iki ingkang rawuh | kalangkung dene awrat | ingsun ingkang pinarcayan ing sang prabu | anindhihi ing ayuda | sakèhe măncanêgari ||
098.012 yèn tan ngêntasana karya | yêktiningsun ingsun tan sae mulih | tan kawarna solahipun | sêmona sampun bubar | kang tinilar sami karuna gêng wuyung | sira Ki Panji Karsula | bubar kang bala angiring ||
098.013 tiyang sèwu numbakanyar | wong bumija kalawan wong panumping | gêgaman abra dinulu | kadya sêkar sataman | tan kawarna ing Taji pan sampun rawuh | têmpuh gêgaman Mataram | kalawan mancêgari |[2]|
098.014 pêpêk kang para dipatya | sakathahe prasamya rêmbag pikir | Panji Karsula amuwus | nêdha sami rêmbagan | sampun wontên punika padudon laku | anêdha pinatah-patah | pangawat kanan la kèri ||
098.015 ing mangke rêmbag manira | Ănggajaya [[f. 360v]: Ăngga...jaya] dadi pangawat kèri | anindhihana ing laku | wong Jipang lan Balora | ing Magêtan Kaduwang lawan Madiun | ing Warung lan Garobogan | dadia pangawat kèri ||
098.016 dene kakang Darmayuda | anèng kanan dadia kang têtindhih | dèn sami prayitnèng kewuh | kang dipun tindhihana | wong Garêsik punika saurutipun | Sarêngat lawan Balitar | Prabalingga lan ing Bangil ||
098.017 kang dadi cucuking yuda | Pranaraga kalawan wong Kadhiri | wong Wirasaba nèng ngayun | lawan wong Kartasura | benjing têmpuh aja na mundur ing kewuh | yèn ana mundur ing rana | sasogên têka ing wuri ||
411–412 dari 650

 


1 Lebih satu suku kata: dene sêtya ngawula. Bandingkan: dening sêdya kawula (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 89.11.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 76.10.4); dene sêdya kawula (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 9.9.4). (kembali)
2 Kurang satu suku kata. Bandingkan: kalawan măncanêgari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 89.14.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 76.13.7); kalawan măncanagari (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 9.12.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 39.14.7). (kembali)