Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
99 dari 149
414–415 dari 650
4.138–4.147 dari 6.494
099.021 pinalawungakên sakèhing gêgaman | mawur têtiyang alit | sami pamondhokan | wênèh angguyang jaran | asuka-suka ing wêngi | nèng pamondhokan | tan ngangge dèn rapohi ||
099.022 kang sawênèh eca dènira anendra | dyan kawarnaa malih | têtiyang Maksar |[1] ingkang angungsi wona | kang sêdya aso [[f. 362v]] rumiyin | nora kapisah | sarowange arakit ||
099.023 wong Makasar undure nora wêdia | anêdya sami bali | rowange wus rêmbag | sanggupe nora ngukak | arsa angamuk ing wêngi | sêdhênge uga | wong Mataram aguling ||
099.024 mapan sami padha dandan anèng wona | wêtara têngah wêngi | Galengsong ngandika | payo sêdhênge mangkat | angamuk bala Mêtawis | aja na pisah | barênga ing ajurit ||
099.025 yèn anêmpuh poma ta dèn babarpisan | aja sira agopi[2] | angamuk arampak | kinawusêna pisan | pamondhokanira mangkin | sira obonga | dimèn kawur wong cili ||
099.026 tan akathah wong Makasar alumpah |[3] wêtara kawan biting | sadaya prawira | sami babêcikira | Raja Galengsong nindhihi | pan sampun prapta | pasanggrahan Mêtawis ||
099.027 wong Mataram sami eca ingkang manah | nora duwe kuwatir | nulya[4] ana mojar | iki syaraning apa | wong batur pating barêkik | lah bubarêna | syarane ting barêkik ||
099.028 ingkang buru mara maring pamondhokan | ya ta nora agênti | nrajang pasanggrahan | wong ing Makasar surak | alah amuk wong Mêtawis | sarta angrunjang | pondhok dipun abongi ||
099.029 apuyêngan gègère wadya Mêtaram | dene [[f. 363r]] angamuk wêngi | atunjang-tinunjang | tambuh mungsuh lan rowang | apati gagap-gagapi | amawur puyêngan |[5] akathah ingkang mati ||
099.030 tinumbakan dening têtiyang Makasar | tan ana măngga pulih | kang sami sudira | apan tan olih papan | katunjang lawan kapipit | mila kèh pêjah | wadya măncanêgari ||
414–415 dari 650

 


1 Makasar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.24.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.24.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.22.3); Mêkasar (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.23.3). (kembali)
2 anggopi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.27.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.25.2). (kembali)
3 Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan akathah wong Makasar kang lumampah (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.27.1); tan akathah wong Makasar kang umangsah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.29.1); tan akathah wong Mukasar [Makasar] kang umangsah (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.29.1); tan akathah wong Mêkasar kang umangsah (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.28.1). (kembali)
4 Terdapat dobel sandangan: nulya atau nelya. (kembali)
5 Lebih satu suku kata. Bandingkan: mawur puyêngan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.32.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.32.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.30.6; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.31.6). (kembali)