Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
101 dari 149
422–423 dari 650
4.216–4.225 dari 6.494
101.029 wus minggir punang baita | ênangêna wong agung ing Mêntawis | Raja Galengsong winuwus | pan sampun amiyarsa | lamun wadya Mêntaram kang arsa rawuh | kalawan para dipatya | kêrig lan wadya pasisir ||
101.030 Raja Galengsong ngandika | pinêpêkan sakèhe kang prajurit | tanapi santananipun | andhèr kang wadyabala | wong Mêkasar sumadya barênga lêbur | atigan sapatarangan | Sang Raja Galengsong angling ||
101.031 lah kakang Dhaèng Marewa | asaosa sadandanane ajurit |[1] manira arsa amêthuk | yudane wong Mêntaram | poma kakang dèn padha prayitning[2] kewuh | wêrtane bala Mêntaram [[f. 368v]: Mêntara...m] | baitane wus aminggir ||
101.032 dening ta karsa manira | ing ayuda sun panggih ing pasisir | lawan mêpêka parau | sêsampan myang lêlanang | pilihana baita kang kukuh-kukuh | lamun pêrang ing lautan | saosa baita alit ||
101.033 dhêdhayungana kewala | marmitane nganggo baita cilik | akêbat ing watêkipun | lêmbing sira pêpêka | bokmênawa amapag pêrange laut | padha siwontên[3] kewala | ingsun dhewe angawaki ||
101.034 sakèhe wong tatêlukan | măncapraja ana awuri têbih | manawa tan lămba kayun | wantu wong dudu băngsa | sira dhaèng mara sigra awotsantun | mundur angundhangi bala | têngara tinêmbang muni ||
101.035 wadya Mêkasar sadaya | wus siyaga sakapraboning jurit | angajrihi tandangipun | wantune wong Mêkasar | ngangah-angah yèn angarêpakên musuh | kaya ta age panggiha | atêmpuh ing ajurit |[4]|
101.036 Raja Galengsong siyaga | wus rinakit kapraboning ajurit | kang jimat sampun rinasuk | sêdya angantêp yuda | sira Raja Galengsong anulya mêtu | ingiring para sêntona | miwah sakèhing prajurit ||
101.037 sigra anitih turăngga | busanane yèn tinon angajrihi | wadya Mêkasar gumuruh | ya ta kang kawarnaa | Dyan Prawirataruna sabalanipun | amigirakên kang palwa | miwah wadya ing pasisir ||
101.038 akathah kang dèrèng prapta | wong pasisir angambang ing jêladri | tanapi baitanipun [[f. 369ar][5]: baitanipu...n] | Kumpêni nèng samodra | ingkang prapta amung răngga ing Sidayu | lan Ngabèi Singawăngsa | lawan prajurit Mêntawis ||
422–423 dari 650

 


1 Lebih satu suku kata. Bandingkan: adandana sakapraboning jurit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.34.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.34.2). (kembali)
2 prayitnèng. (kembali)
3 siwonên (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.36.6). Bandingkan: sisiwonên (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.36.6); sêsiwonên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 79.36.6; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.36.6). (kembali)
4 Kurang satu suku kata. Bandingkan: atêmpuha ing ajurit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.38.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 79.38.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.38.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.38.7). (kembali)
5 Urutan f.369ar dan f.369av faksimile digital ditempatkan setelah f.369r dan f.369v, padahal seharusnya ditempatkan sebelumnya sesuai dengan tembang macapat dan isinya. (kembali)