Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
102 dari 149
427–428 dari 650
4.264–4.273 dari 6.494
102.035 sira Radèn Prawiratruna wus pasrah | yèn tinagih ing pati | mapan ta sumăngga | ing karsane Yang Sukma | rahadyan ngandika aris | gusti kantuna | kang Sinuwun Mêntawis ||
102.036 yèn kawula gusti nêmahi palastra | amangsuli ingkang sih | kawula wus tuwang | tuwuk kakocah nata | mukti anèng Mêntawis |[1] pan ora bakal | sampun karsaning Widi ||
102.037 Sewajaya anangis nungkêmi pada | brananira ngranuhi | dhuh gusti kawula | ing donya ing akerat | kawula dadosa abdi | mugi panggiha | lawan paduka gusti ||
102.038 angandika Radèn Prawirataruna | ingsun tarima ugi | kaki padha-padha | singa ingkang luputa | padha ngapura ing makin | singa palastra | aja malang tumolih ||
102.039 Sewajaya sampun nêmahi palastra | anèng ngarsane gusti | radyan angandika | ingsun belani sira | awirang kalamun urip | angur matia | sêntananingsun ênting ||
102.040 wong Mêkasar sampun kathah ingkang prapta | rahadyan dèn gêmbuli[2] | sinasok ing tumbak [[f. 371r]] | rahadyan tiba alênggah |[3] wus nyana prapta ing pati | ingkang karasa | para putra kang kari ||
102.041 atanapi sakathahe para garwa | dèn bêcik sira kari | aja nanggung brăngta | ingsun apamit pêjah | rahadyan kabyatan karin[4] | sampun palastra | radyan sigra gumuling ||
102.042 mapan arsa tinigas ing murdanira | Kumpêni anulungi | mudhun sangking palwa | tiyang Ambon punika | lawan Têrnate ngrewangi | sarta sênjata | gêgamane Kumpêni ||
102.043 ya ta mundur wadyabala ing Mêkasar | tan kawawi nadhahi | mimis kadya udan | ya ta tiyang Mêkasar | lumayu angusi biting | atangkêp lawang | tiyang Mêkasar wiwrin ||
102.044 ingkang layon rahadèn sampun karêbat | yèn binêkta tumuli | migah dhatêng palwa | pan sampun binandhosa | ingantukkên mring Mêntawis | anulya layar | kabèh sami prihatin ||
427–428 dari 650

 


1 Kurang satu suku kata: amukti anèng Mêntawis (kembali)
2 kêmbuli (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.48.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.45.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.47.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.37.2). (kembali)
3 Lebih satu suku kata. Bandingkan: radèn tiba alênggah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.48.4); radyan tiba alênggah (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.47.4); rahadyan tiba lênggah (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.45.4); radèn niba alênggah (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.37.4). (kembali)
4 kanin (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.49.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.46.5.; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 80.48.5). (kembali)