Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 149
45–46 dari 650
442–451 dari 6.494
011.014 pan ki ajar nênggih ingkang winarni |[1] lagya lênggah adhepok pratapan | ingadhêp dene cantrike | ki ajar alon muwus | marang cantrik asêmu wingit | padha têtêbahana | mêngko ana tamu | tur utusane sang nata | ingkang[2] garwa kang badhe rawuh ing ngriki | ambabar kang kêlasa ||
011.015 ingkang lumampah pan sampun prapti | kyana patih lawan Ni Sumêkar | sukuning arga pêrnahe | kang bala kabèh kantun | pan tinilar sukuning ardi | kyana patih wus minggah | prapta dhepokipun | ki ajar sigra tumêdhak | matur alon nah anggèr kula aturi | pinaraka kalihan ||
011.016 kyana patih angandika aris | lakuningsun iki pan dinuta | ing kangjêng gusti sang natèng | ingsun kinèn andangu | marang sira ingkang sayêkti | pan sira wus kaloka | asêkti pinunjul | barang kang pinasthi dadya [[f. 49v]: da...dya] | milanipun sang aji karsa yêktèni | ing sidik pêkênira ||
011.017 lawan iki garwane sang aji | kinon badhe marang pêkênira | apa ta jabang bayine | wadon utawi jalu | lah badhenên ingkang sayêkti | lan aja wêdi sira | badhenên satuhu | ki ajar sigra angucap | èstu wawrat mangke sampun tigang sasi | benjing ababar lanang ||
011.018 warnanira tuhu lamun pêkik | lawan malih sêkti măndraguna | tanpa tandhing sapadhane | sarupa lan sang prabu | inggih sangking sêda[3] nêrpati | punika atur kula | ing kangjêng sang prabu | kyana patih angandika | apa têmên ujarira iku yêkti | ki ajar alon ngucap ||
011.019 botên wontên ujar kaping kalih | ujar pisan sapisan kewala | patih ngucap jro nalane | nora kaduga ingsun | ajar iki ingsun arani | wong muthangthang muthangkrak | lumaku ginunggung | bakor[4] dèn sêngguh wêtêngan | saujare ngawur kabèh sun arani | kyana patih ngandika ||
011.020 yèn mêngkono ajar ingsun pamit | akaria ingsun nuli mangkat | dèn arsa-arsa sang natèng | tumurun sangking gunung | pan ginêlak dènnya lumaris | prapta têngahing wona | Ni Sumêkar wau | angrasa gêrah auyang | prapta lèpèn [[f. 50r]: lè...pèn] tumingal toyanya wêning | Ni Sumêkar angucap ||
011.021 kakang patih dawêg lèrèn ngriki | kula ajêng asiram sakêdhap | andhêgêna ing lampahe | sigra ki patih wau | angundhangi ing bala alit | padha sira suminggah | sang rêtna ing ngayun | pan arsa siram sadhela | Ni Gumêkar[5] sigra têdhak sangking joli | kalawan êmbanira ||
011.022 sapraptane ing pinggir kali |[6] Ni Sumêkar anulya asiram | cinuculan ing sinjange | kagèt sira andulu | bêbêd sutra datan kaèksi | bakor kancana musna | tyasira gagêtun | angrasa yèn sampun wawrat | tiningalan wayah wawrat tigang sasi | Ni Sumêkar karuna ||
011.023 Ni Sumêkar sigra tutur aglis | kakang patih rika tingalana | nyata mandi ing sabdane | ki patih sigra dulu | Ni Sumêkar pinandêng liring | sarwi atêbah jaja | tyasira gagêtun | baya wus karsane dewa | kyana patih laju dènira lumaris | prapta jawine kitha ||
45–46 dari 650

 


1 Lebih satu suku kata. Bandingkan: pan ki ajar wau kang winarni (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 6.12.1). (kembali)
2 Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
3 sêbda. (kembali)
4 bokor (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
5 Sumêkar. (kembali)
6 Kurang satu suku kata: sapraptane ing pinggiring kali. (kembali)