Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
121 dari 149
504 dari 650
5.031–5.040 dari 6.494
121.027 sri nalendra angandika aris | Natakusuma sira sun duta | talikanên sayêktine | lan Si Natabrangtèku | sun gawakna dadia kanthi- | nira anèng [[f. 433v]: a...nèng] ing marga | kang kinon wotsantun | Pangeran Natakusuma | lawan Radèn Natabrăngta gya lumaris | sawadyabalanira ||
121.028 kawarnaa dutaning nrêpati | Pangalasan prapta Kartasura | tumamèng ing ngarsa age | manêmbah sarwi matur | abdi dalêm ingutus prapti | nagari ing Mantaram | rayinta kapangguh | kang jumênêng Ingalaga | datan arsa arinta sohan tumuli | maksih awalang driya ||
121.029 kang timbalan rayi dalêm uni | pan kawula kinèn rumiyina | lagya pinikir pungkure | warnanên dutanipun | Kang Sinuwun Ngalaga Mêntawis |[1] Pangran Natakusuma | lan Natabrangtèku | prapta nagri Kartasura | sri nalendra sêmona miyos tinangkil | andhèr ing pagêlaran ||
121.030 ingkang mugèng ngarsane nêrpati | Radèn Patih Arya Nrangkusuma | Pangran Madura jajare | kang punggawa gung-agung | Radèn Arya Sindurja nangkil | Adipati Urawan | Binarong Tumênggung | santana pêpêk sadaya | kang bupati pasisir măncanêgari | aglar mugèng ngayunan ||
121.031 Radèn Arya Nrangkusuma wotsari |[2] umatur kangjêng sri nalendra |[3] pukulun wontên dutane | rayi dalêm sang prabu | têkap duta ingkang kêkalih | Pangran Natakusuma | ing satugalipun | awasta pun Natabrăngta | sri nalendra ngandika wêcana manis | tumrapna ngarsaningwang ||
121.032 sinojaran kang duta tumrap ning | ngarsa nata mangsah agya-agya | caraka atur sêmbahe | gusti amba ingutus | têkaping nara dipati |[4] pangênjali arinta | katur ing pukulun | mila arinta tan tumrap | pitêkaping ngrandhaka ari nêrpati | myarsa nata sunu mral ||
121.033 yèn mirsaa rayi dalêm gusti | yèn paduka satuhu kang prapta | mangkya tumamèng ge-age | ing ngabyantara prabu | angraup suku [[f. 434r]: su...ku] ngênjali |[5] ing padubra nalendra | arinta pukulun | kang sinuwun angandika | iya bênêr si adhi prayitnèng wèsthi | manawa pindha-pindha ||
121.034 Pangeran Natakusuma ling aris |[6] adhi Natabrata pakanira | payo mantuka dèn age | matura lamun èstu | yèn kang raka sri narapati | Natabrata gya bubar | ing ngarsa sang prabu | tan ucapên kang lumampah | kawarnaa kang ngêdhaton ing Mêntawis | sineba ing pugawa ||
121.035 pra pratiwa nung-anung ngarsa ji | atur sêmbah Arya Măndhalika | dhuh gusti yèn sarju anggèr | sampun nêdya tumundhuk | nadyan silih rakanta aji | paduka bratma raja | tan wontên lyanipun | dening rakamta sang nata | slayèng karsa angait wadya Kumpêni | asaroh[7] nagararja ||
121.036 lagya eca sang nata tinangkil | lan sakèhe kang para punggawa | kasaru duta praptane | lajêng tumamèng ngayun | Radèn Natabrata ngabêkti | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sampun karsane Yang Sukma | Natabrata sêmana umatur silib | ing kangjêng sri nalendra ||
504 dari 650

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: Susuhunan Nglaga Matawis (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.29.5). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Anrangkusuma wotsari (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.31.1). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: matur dhatêng jêng sri naradipa (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.31.2). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: sowan munggèng ngarsa narpati (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.32.5). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: agraup mrih amangênjali (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.33.5). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Pangran Natakusuma lingnya ris (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.34.1). (kembali)
asoroh (dan di tempat lain). (kembali)