Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
123 dari 149
511–512 dari 650
5.102–5.111 dari 6.494
123.011 dening ingkang mugèng dhadha | Pangran Arya Panular kang nindhihi | wadya Pagêlèn pinangku | Ki Arya Tambakbaya | Arya Surajaya kang minăngka ngayun | sêsabête ing Kalagan | Pangran Panular tatindhih ||
123.012 arame dènira yuda | wong Kalagan pangamuke angukih | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | pan gumêrah ingkang bala surakipun | akuwêl ulêng-ulêngan | wong Kalagan ambêk pati ||
123.013 Kang Sinuwun Ingalaga | amiranti mugèng wurine ngaji | ya ta wau kang atarung | pêngkuh wong Kartasura | wong Kêlagan pangamuke saya wuru | kang tinêmpuh ingamukan | tan wontên tahan nadhahi ||
123.014 mawur [[f. 438v][1]: ma...wur] wadya Kartasura | pan malêdug ngisis anèng ing wuri | Arya Măndhalika nêmpuh | saking kidul gumêrah | Ki Tumênggung Jangrana ingkang tinuduh | anadhahi Măndhalika | lan Arya Sindurjèki |[2]|
123.015 arame dènira yuda | Arya Măndhalika wus ambêk pati | angamuk sabalanipun | gumuruh syaranira | Ki Tumênggung Japramada anêmpuh |[3] saking kilèn sabalanya | Ki Urawan anadhahi ||
123.016 kyai tumênggung ing Dêmak | Suranata sigra nulya tinuding | têtulung Urawan gupuh | umangsah ing payudan | wong Kalagan kapranggul pangamukipun | Tumênggung Gajahpramada | Suranata anadhahi ||
123.017 arame pra[4] long-linongan | Ki Tumênggung Gajahpramada anênggih |[5] akuwat pangamukipun | agolong sabalanya | sêntanane sêdaya sarêng angamuk | Ki Tumênggung Suranata | wadyanira akèh mati ||
123.018 ing pura akathah prapta | angêbyuki marang wadya Mêtawis | ingamuk sangsaya kèh rawuh |[6] wong Kudus wong Jêpara | wong ing pathing Pathi ing Rêmbang Lasêm têtulung |[7] Tumênggung Gajahpramoda | ingurugan ing pêpati ||
123.019 wadyanira kathah pêjah | sêntanane akathah anandhang kanin |[8] wantu karoban [[f. 439r]: ka...roban] wadya gung | sayah pangamukira | ki tumênggung binendrong lêmbing lan bungsur | mapan wus karsane Sukma | ki tumênggung nandhang kanin ||
123.020 binêdhil ing kalantaka | wêtisira[9] ki tumênggung kang kêni | sêmana tiba aluguh | sira Gajahpramada | ya ta wontên sêntanane ki tumênggung | awasta Ki Rănggajaya | ingkang paman dèn tangisi ||
511–512 dari 650

 


Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: lawan Arya Sindurjèki (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.14.7); lawan Arya Sidurjèki (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.20.7). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ki Tumênggung Gajahpramada gya rawuh (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.14.5); Ki Tumênggung Gajahpramada anglambung (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.21.5); Ki Tumênggung Gajahpramada tinêmpuh (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.15.5). (kembali)
prang (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.17.1). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Tumênggung Gajahpramada nênggih (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.23.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.17.2). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: ingamuk saya kèh rawuh (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.18.3); pasisir sadaya rawuh (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.17.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 100.17.3); anapung saya gung rawuh (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.26.3). (kembali)
Lebih dua suku kata. Bandingkan: wong ing Pathi Rêmbang Lasêm atêtulung (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.18.5); lan wong Rêmbang Lasêm umangsah têtulung (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.26.5); Lasêm Rêmbang Japara Tuban Sidayu (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.17.5); Langsêm Pathi Jêpara Rêmbang Sidayu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 100.17.5). (kembali)
Lebih satu suku kata: sêntanane kathah anandhang kanin. (kembali)
wêntisira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 100.19.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 190.28.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.20.2). (kembali)