Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
125 dari 149
519–520 dari 650
5.188–5.197 dari 6.494
125.013 nêngêna kangjêng sri bopati |[1] kawarnaa Susunan Ngalaga | ingkang anèng Salingane | anênggih Raja Namrut | pan punika ingkang nagupi[2] | abêdhah Kartasura | ing samangsanipun | milaning ingêla-êla | Raja Namrut pinaringan èstri luwih | santona naking-sanak ||
125.014 pan ingajak manggut[3] ing ajurit | Raja Namrut tansah naga[4] krama | nora nana wêkasane | dadya kaku tyasipun | Natèng Laga dèn sêmayani | nanging Pangran Pamênang | sangêt aturipun | anak prabu dipun sabar | sabudine Namrut paduka turuti | malar [[f. 445r]] dadosa rowang ||
125.015 sri naledra wus puwas kang galih | sigra budhal lan kang wadyanira | marang Pagêlèn jujuge | sang nata akêkuwu | mapan sampun anata baris | Ki Arya Tambakbaya | kang kinarya tunggul | senapatine ayuda | lan kang rayi Ki Arya Surajayèki | sami prawirèng yuda ||
125.016 wong Pagêlèn kathah samya prapti | sami bêkta sagêgamanira | sampun dadi ing barise | sigra budhal sang prabu | ingkang baris Prapag ginitik | marang Ki Tambakbaya | lan Surajayèku | wong Kartasura atadhah | wus linagar[5] campuh rame kang ajurit | wong Kartasura wikan ||
125.017 yèn Susunan Ngalaga nidhihi | pan mêlêduk wadya Kartasura | lumayu rêbut dhucunge | wadya Kalagan anglud | saparane maksih dèn usir | wus prapta ing Mêntaram | maksih dèn babujung | dêdamêling Kartasura | anèng Pokak sigra lêrêb nata baris | kang sinêmbah Ngalaga ||
125.018 anèng Mêntaram samadya sasi | wong Mêntaram akathah kang prata | kinêrig sagêgamane | Pangran Panular iku | kang kinarya tindhihing jurit | tan katun lan kang raka | sêparane tumut | nanging Pangeran Pamênang | maksih kantun anèng Salinga abaris | nurut Namrut sarèhnya ||
125.019 mapan arsa jinujung nêrpati | dening Namrut Pangeran Pamênang | mila anut barang rèhe | warnanên Sang Aprabu | Ingalaga budhal tumuli | sangking nagri Mêntaram | pan arsa amanggut | angrurah ing Kartasura | baris agêng măngka pangajuring jurit | Ki Arya Surajaya ||
125.020 lan sang nata Kya Tambakbayèki | wus ginitik kang baris ing Pokak | dhadhal sumyur tanba[6] rèrèh | wadya Kêlagan alud[7] | dèn bêbujung Dêrsanan prati | ingusir saparannya | prata ing Dêlanggu | binujung malih lumajar | pratèng Sanggung sampun lumêbêt nêgari | dêdamêl Kartasura ||
125.021 Natèng Nglaga nèng Sanggung [[f. 445v]] abaris | pan angêpung nagri Kartasura | wong desa wus mirut kabèh | samya prata sêsugun | mapan lajêng tumut abaris | angêpung Kartasura | gêntia winuwus | Sang Aprabu Amangkurat | pan sêmona sang prabu miyos tinakil | andhèr kang wadyabala ||
125.022 pêpêk kabèh kang para dipati | para upêsir mugèng ngayunan | miwah Amral Hèlduwèlbèh | Radèn Nrangkusumèku | tumamèng byantara sang aji | manêmbah ing suku sang | mangusap ing lêbu | pukulun atur uninga | rinta nata Prabu Ngalaga ing makin | ngrabasèng ngêpung kitha ||
519–520 dari 650

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan winarna wau sri bupati (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.13.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 183.10.1). (kembali)
nanggupi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.13.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 183.10.5). (kembali)
magut (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.14.1). Bandingkan: umagut (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.14.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 183.11.1); amagut (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 102.14.1). (kembali)
năngga (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 102.14.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.14.2). Bandingkan: anăngga (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.14.2); sinăngga (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 183.11.2). (kembali)
linanggar (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 183.13.9). Bandingkan: langgar (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.16.9). (kembali)
tanpa (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.20.3). (kembali)
anglud (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 183.17.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 102.20.4). Bandingkan: anglut (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.20.4). (kembali)