Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
128 dari 149
529–530 dari 650
5.290–5.299 dari 6.494
128.042 ingkang wuri Kumpêni kèh prapti | pangêdrèlira lir gêlap sasra | Ki Untung rusak rowange | sapalih ingkang kantun | ngamuk kuwêl pêdhang lan kêris | Kumpêni kathah pêjah | ing buri kèh rawuh | Ki Untung rowange têlas | pan rinoban ing mimis lir udan api | tumpês kari priyăngga ||
128.043 Ki Untung tinubruk nganan ngèri | kang pinatrêm Kumpêni kèh pêjah | dyan kinandhang-kandhang bae | mêdal ing loji sampun | saparane dipun bêdhili | mring Bètèng Alang-alang | ing panylimpêdipun | wadya Kumpêni kelangan | pan ingosak-asik dangu tan kapanggih | Kumpêni nulya bubar ||
128.044 misuhur orêg nagri Batawi | yèn Ki Untung ucul nèng bêlokan | angamuk akèh rowange | wong sapratungkon nusul | tumpês uwor lawan Kumpêni | tintrim wong sanagara | ya ta kang winuwus | Ki Untung dènnya singêdan | anèng Bètèng Alang-alang sapta latri | Ki Untung duk sêmona ||
128.045 amamor marang nagara malih | angulari pawong sanakira | sapraptanira ing prajèng | pawong sanake rèku | mapan kathah ingkang kapanggih | Ki Untung tinangisan [[f. 454v]: tinangisa...n] | samya arsa tumut | pangucapira mangkana | ingsun milu ing sira sabaya pati | amalês bêcikira ||
128.046 tigang dasa kang tumut rumiyin | dalu mangkat sangking ing nagara | tan kari sagêgamane | Bètèng Lang-alang rawuh | karya ênggènira miranti | ing sabên dina prapta | pawong sanakipun | kalih tiga lan sakawan | lama-lama tutur-tinuturkên sami | saparan sanakira ||
128.047 kang sawênèh ana ngaid-tait[1] | duk samana nagri Botawiyah | niyaka Kumpêni kabèh | minggat têbusanipun | pan Ki Untung ingkang winarni | nèng Bètèng Alang-alang | wus pêpêk wong satus | miwah sagêgamanira | cinarita Bètèng Alang-alang nênggih | samana maksih wona ||
128.048 mapan eca dènira miranti | Ki Untung lawan sarowangira | dene kang ngrêksa pangane | iya namung Ki Untung | tan kawruhan saba nêgari | tan ana kang uninga | mangkana cinatur | yèn kala manjing nêgara | sawêdale patrême tapak tinarik | winor suruh candhikan ||
128.049 yèn kapêthuk Kumpêni satunggil | myang kêkalih kinêbyok ing sêdhah | niba kapisanan bae | sabên-sabên kapêthuk [[f. 455r]: ka...pêthuk] | wong Kumpêni kinêbyok mati | yèn wayah wuse asar | tintrim ing marga gung | ing sabên ari mangkana | lama-lama kauningan ing Kumpêni | Ki Untung solahira ||
128.050 pinarante dening wong Kumpêni | yèn wayah pukul satêngah lima | binarisan ing margane | andhêndhêk[2] tan kadulu | pinakanan Kumpêni siji | Ki Untung kawarnaa | anuju lêlaku | sangking sajroning nagara | aningali Kumpêni siji nèng margi | sigra kinêbyok sêdhah ||
128.051 kapisanan kang baris miranti | nulya mêdal sangking ing panggenan | Ki Untung lumayu age | binendrong bêdhil umyung | dyan Ki Untung mingêr angèri | sangking kèri narajang | kang kinêbyok lampus | anêmpuh sarwi lumalya | wong Kumpêni rolas kathahe kang mati | kopral sarehan pêjah ||
529–530 dari 650

 


ngait-ait (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 9.34.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.41.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 107.34.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.46.1). (kembali)
andhêdhêk. Bandingkan: andhêdhêp (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.44.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 107.37.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.49.4). (kembali)