Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
129 dari 149
536–537 dari 650
5.354–5.363 dari 6.494
129.051 | rowange suka sadaya | dene antuk amine ratu mukmin | Radèn Surapati muwus | lawan isun pinêca | dene sultan ing satêtdhak-têtdhak[1] isun [[f. 459v]] | apadene awak ingwang | dadi satruning Kumpêni || |
129.052 | bapa Bun rika kang tuwa | angaliha isun wèhi wêwangi | Êbun Jêladri sirèku | dadia pangidhêpan | ing sakèhe sanak-sanakira iku | sira kang sun gawe tuwa | kang wong sadaya nauri || |
129.053 | kakang Bun luwih prayoga | ing karsane Rahadèn Surapati | sira kang mukasi[2] kewuh | kang isun tuwa-tuwa | kabèh iki kakang pan darma lumaku | punapa sarèh andika | kawula dhatêng umiring || |
129.054 | rahadèn maksih taruna | sadungkape sira ingkang ngaturi | tan winarna solahipun | mangkat sangking nêgara | amangetan Surapati lampahipun | i Têtêgal kamarganan | Pamalang kang dipun jogi || |
129.055 | gênti ingkang kawusa |[3] wong Kumpêni kang samya anututi | kèndêl tanah ing Cianjur | sampun miyarsa warta | yèn Ki Untung ngalor ngetan lampahipun | tan pisah sarowangira | ya ta sagung wong Kumpêni || |
129.056 | ajrih yèn ngusira têbah | dene wêruh tandange ing ajurit | duk sêmana pitung dalu | Kumpêni nèng Pasundhan | wong Pasundhan sadaya kinèn akumpul | nèng Cianjur bêbarisan | sagunge kang para mantri || |
129.057 | Kumpêni parentahira | kang wong liwat samya kinèn nitèni | yèn kosi jangkêp sapuluh | yèn tan mawa dagangan | kinèn nyêkêl manawa iku Ki Untung | yèn wong liwat dudu dagang | pêpêtên kang mring Bêtawi || |
129.058 | wadya Kumpêni wus bubar | mring Batawi ingkang tinilar baris | wong Sundha para tumênggung [[f. 460r]] | abaris urut marga | yèn ta durung karuwan gone Ki Untung | Kumpêni parentahira | aja bubar ingka[4] baris || |
129.059 | ya ta ingkang kawarnaa | lampahira Radèn Surapati |[5] Pamalang gepak mangidul | prapta tanah Toyamas | raryyan dhusun Ngajibarang wastanipun | padhusunan Ngajibarang | patigènira[6] kêkalih || |
129.060 | mapan sami kadangira | roro sanak kang anèm Saradênti | Saradênta ingkang sêpuh | langkung anyuba-nyuba | mring têtamu laminira kawan dalu | sira Radèn Surapatya | nulya ngadêgakên baris || |
536–537 dari 650
1 | satêdhak-têdhak (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.51.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.46.5). (kembali) |
2 | mungkasi. Bandingkan: amungkasi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.48.3); pamungkasing (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.52.3). (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nahan gantya kawuwusa (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.55.1); gantya ingkang winursita (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.54.1); ya ta wau kawarnaa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.50.1); nêngêna ingkang wus lêpas (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.55.1). (kembali) |
4 | ingkang (dan di tempat lain) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.57.7). (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lampahira Rahadèn Surapati (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.59.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.54.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.58.2). (kembali) |
6 | patinggènira. Bandingkan: patingginira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.54.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.58.7; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.59.7). (kembali) |