Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
129 dari 149
533–534 dari 650
5.326–5.335 dari 6.494
129.023 dhasar gustiningsun sultan | rêmên ing wong pêkik graitèng lungit | kalawan wong kaduk purun | yèn kongsi kalêbua | maring sultan amêsthi kawula kantun | lungsur pangawulaningwang | dadya Surapati angling ||
129.024 adhi sun peling ing sira | pan nagara Carêbon iki cilik | nanging singiting kalangkung | yèn siarsa[1] manjinga | atinggala gêgaman tumbak kêrismu | kabèh iku rowangira | aja nganggo tumbak kêris ||
129.025 yèn ora tilar gêgaman | tan kalêbu sira manjing nêgari | payo kabèh sabaturmu | padha barundhulana | gêgamane aturêna marang ingsun | dening ingsun ingkang gawa | mring sira manjing nêgari ||
129.026 Ki Untung alon angucap | sarewange kinèn asraha kêris | saksana sinrahkên sampun | kabèh gêgamanira | Surapati angucap mring wadyanipun | bocah padha tampanana | gêgaman tumbak lan kêris ||
129.027 ya ta sampun tinampanan | sarupane gamane wong Batawi | sêdaya sami barundhul | Ki Untung rowangira | Surapati alon dènira amuwus | adhi namung kari sira | ingkang durung asrah kêris ||
129.028 Ki Untung alon aturnya | bok inggiha kyai dika alimi | dening rencang kula sampun | barundhulan sêdaya | mung kawula kiyai andika tanggung | măngsa nêdyaa punapa | tiyang sêdya ngungsi urip ||
129.029 Ki Surapati anyêntak | apa têmên sira tan asrah kêris | măngsa bêcika tinêmu | yèn kowe mangkonoa | awèh ora êndi kêrismu sun pundhut | sira iki basakêna | mêndhêk kalingan kaèksi ||
129.030 apa nganti ingsun pêksa | ingsun gawa bêbandan ing nagari | sarêng miyarsa Ki Untung | ngadêk suraning nala | asru mujar iya nora awèh ingsun | yèn wus pêcat nyawaningwang | yèn kalakon ingsun mati [[f. 458r][2]] ||
129.031 lah iku sakarsanira | Surapati bramêtya angêjèpi | ing wadya sarêng anubruk | Kyai Untung lumumpat | sarwi ngucap mring rowangira sadarum | hèh batur padha mirea | isun dhewe kang ngêmbari ||
129.032 sira wus tanpa gêgaman | ri saksana wong Carêbon ngêbyuki | wênèh ana kang anuduk | ana ingkang anubak | Surapati anindhihi wadyanipun | lawunge ingêmbat-êmbat | Ki Untung datan gumisir ||
533–534 dari 650

 


sirarsa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.24.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 108.23.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.24.4). (kembali)
Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)