Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
130 dari 149
538–539 dari 650
5.379–5.388 dari 6.494
130.007 | mapan sampun awibawa | gêgamanira wus dadi | ingkang baris Kalijirak | Tumênggung Toyamas nenggih | apan sampun ginitik | Êbun Jêladri kang magut | Ki Tumênggung Toyamas | rusak wonge akèh mati | karepotan ki tumênggung wus lumalya || |
130.008 | sadya ngaturi uninga | ing kangjêng sri narapati | datan kawarna ing marga | ing Kartasura wus prapti | katur ing sri bupati | aturira ki tumênggung | yèn nagri i Toyamas | wontên wong umadêg baris | aprakosa ngrêraman jumênêng [[f. 461v]: ju...mênêng] nata || |
130.009 | sang prabu kalangkung duka | sigra kinèn anglurugi | ingkang tinuduh ing lampah | anênggih rahadèn patih | ya ta ingkang winarni | kang arsa kesah anglurug | pêpêk wong kapatihan | santana para prajurit | nulya Radèn Surapati ingandikan || |
130.010 | wus prapta mugèng ing ngarsa | ngandika rêkyana patih | isun adhi arsa lunga | kang tibalan sri narapati |[1] ingsun kinèn nglurugi | ing wong kang umadêk ratu | anèng nagri Toyamas | ya ta Radèn Surapati | aturira yèn marêngi ingkang karsa || |
130.011 | sampun paduka tumidak | amunga pun Surapati | anyêpêng mêsah kêraman | kawula ingkang nanggupi | wêwaha musuh malih | sayêkti wirang kêlangkung | kawula maksih gêsang | paduka tindak pribadi | langkung suka radèn patih angêndika || |
130.012 | yèn mêngkono karsanira | isun matur sri bupati | ri sampunira mangkana | lumêbêt rêkyana patih | prapta ing srimênganti | sampun katur ing sang prabu | anulya tinimbalan | cumundhuk ngarsa nrêpati | sigra matur Rahadèn Angrangkusuma || |
130.013 | gusti wontên pêlajêngan | sangking nêgari Batawi | kêkasih pun Surapatya | palajêngipun angusi | sinikarèng Kumpêni | mila ngabdi ing pukulun | dene datanpa dosa | kinuya-kuya Kumpêni | nanging mangke sagah angrusak kêraman || |
130.014 | ingkang mandirèng Toyamas | punika sagah mêjahi [[f. 462r]] | yèn suwawi rinojongan | ature pun Surapati | indah punapa gusti | yèn èstu sae kinukup | awon nulya binucal | sampun anyukêri galih | sri naledra aris dènira ngandika || |
130.015 | lah iya sakarsanira | măngsa bodhoa sirèki | mapan isun wus parcaya | marang ing sira apatih | suka ing tyas wotsari | wus mêdal sangking kêtdhatun[2] | prapta ing dalêmira | Ki Surapati kapanggih | dhinawuhkên tibalane sri naledra || |
130.016 | sira adhi wus kalilan | nanging mangkata tumuli | Ki Surapati sandika | kalangkung suka ing galih | pan sampun dèn kanthèni | Tumênggung Toyamas wau | myang wadya kapatihan | akathah ingkang umiring | sigra budhal wus lêpas sangking nêgara || |
538–539 dari 650
1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: timbalane sri bupati (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.10.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.10.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.10.4). (kembali) |
2 | kêdhatun (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: kadhatun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.15.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 109.15.6). (kembali) |