Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
132 dari 149
555–556 dari 650
5.543–5.552 dari 6.494
132.009 sang nata kodur mring puri | wadya bubar sowang-sowang | sinêngkalan duk yudane | Surapati lawan Êtak | gajah lunga kawayang | jalma kawuwusa dalu |[1] Kumpêni ingkang kasoran ||
132.010 kang samya kèndêl ing laji | pan ing dalu [[f. 475v]: da...lu] kesahira | bangun raina igate[2] | karinan anèng ing marga | tumpês dening wong desa | kawarnaa sang aprabu | ejing miyos sinewaka ||
132.011 pêpêk punggawa anangkil | bupati lawan satriya | kang para sêntana andhèr | Pangeran Pugêr kalihan | Pangran Arya Panular | Radèn Mas Tapa nèng ngayun | sri naledra angandika ||
132.012 yayi êmas adipati | salungane Surapatya | kang sun gêntèkna ligihe | iya Arya Sindurêja | kang rayi atur sêmbah | dhatêng prayogi pukulun | ing karsa paduka nata ||
132.013 kalawan maninge yayi | arinira Si Sutapa | uwis liwat diwasane | iku sun paringi aran | Pangran Arya Mataram | iya lungguha wong sèwu | lawan si adhi Panular ||
132.014 iku padha sun paringi | iya sèwu lungguhira | kalawan yayi maninge | si paman Natakusuma | isun karya wêdana | wong gêdhong wêdananipun | kang rayi jumurung karsa ||
132.015 sadaya samya ngèstrini | sakèhe para punggawa | ingkang karsa sang akatong | gantya ingkang kawuwusa | Rahadèn Surapatya | ingkang maksih dèn babujung | datan kawarna ing marga ||
132.016 ing Pasuruan wus prapti | sagung wong măncanêgara | kang babujung bali kabèh | ya ta Radèn Surapatya | kang anèng Pasuruan | wus têtêp gènira lungguh | tan ana ingkang sumêlang ||
132.017 suyud nagri kanan kèri | ing Bangil lan Prabaliga | ing Pajarakan wusdene | miwah Japan Wirasaba | Kadhiri lan Sarêngat | ing Ngantang Winongan suyud [[f. 476r]: su...yud] | seba marang Pasuruan ||
132.018 lèr wetane Ngardi Wilis | seba marang Pasuruan | sampun adadi barise | ya ta kang para bupatya | măncanêgara prapta | ing Kartasura wus katur | ing sang nata solahira ||
555–556 dari 650

 


Tanggal: gajah lunga kawayang jalma (AJ 1608). Tahun AJ 1608 jatuh antara tanggal Masehi: 9 Desember 1684 sampai dengan 27 November 1685. Lihat juga: walu lang winayang prabu (AJ 1608) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.8.6); naga sirna angrasa wani (AJ 1608) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 111.9.5–6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.9. 5–6). Sangkala ini mengacu pada pertempuran antara pasukan Surapati dan pasukan VOC (Êtak), di mana pasukan Kompeni mengalami kekalahan. (kembali)
inggate (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.9.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.10.3). (kembali)