Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
132 dari 149
555–556 dari 650
5.548–5.557 dari 6.494
132.014 iku padha sun paringi | iya sèwu lungguhira | kalawan yayi maninge | si paman Natakusuma | isun karya wêdana | wong gêdhong wêdananipun | kang rayi jumurung karsa ||
132.015 sadaya samya ngèstrini | sakèhe para punggawa | ingkang karsa sang akatong | gantya ingkang kawuwusa | Rahadèn Surapatya | ingkang maksih dèn babujung | datan kawarna ing marga ||
132.016 ing Pasuruan wus prapti | sagung wong măncanêgara | kang babujung bali kabèh | ya ta Radèn Surapatya | kang anèng Pasuruan | wus têtêp gènira lungguh | tan ana ingkang sumêlang ||
132.017 suyud nagri kanan kèri | ing Bangil lan Prabaliga | ing Pajarakan wusdene | miwah Japan Wirasaba | Kadhiri lan Sarêngat | ing Ngantang Winongan suyud [[f. 476r]: su...yud] | seba marang Pasuruan ||
132.018 lèr wetane Ngardi Wilis | seba marang Pasuruan | sampun adadi barise | ya ta kang para bupatya | măncanêgara prapta | ing Kartasura wus katur | ing sang nata solahira ||
132.019 kalangkung suka sang aji | gênti ingkang kawuwusa | sampun miyarsa wartane | Kumêndur Sêlud Drikansah | kang laji ing Jêpara | yèn Kapitan Êtak lampus | tumpês sakumpêninira ||
132.020 ayuda lan Surapati | ing alun-alun dènnya prang | sêmana mêngkêk manahe | Kumêndur Sêlut Drikansah | sigra akarya surat | kang dinuta layar sampun | marang nêgara Jakarta ||
132.021 mêngkana ingkang winarni | Radèn Arya Sidurêja | sampun umêsat dutane | maring nêgari Jêpara | saandikane nata | kinèn pisadu paring wruh | yèn Êtak tiwas ing yuda ||
132.022 miwah wadyaning nêrpati | akathah ingkang palastra | punggawa kabranan akèh | kang duta prapta Jêpara | katur ingkang nawala | marang ing Kumêndur Sêlut | Drikansah sigra numpisa[1] ||
132.023 miyarsa têmbunge tulis | kumêndur èmêng kang manah | apan tansah gèbèg-gèbèg | kang duta sampun tinulak | datan mawi wangsulan | sêmana datan cinatur | pan nagari ing Jêpara ||
555–556 dari 650

 


nupiksa. Bandingkan: tinupiksa (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.21.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.22.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 111.22.7); pinariksa (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.21.7). (kembali)