Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
133 dari 149
564–565 dari 650
5.640–5.649 dari 6.494
133.019 katur sêrat kêkitir dunyèki | nanging maksih rinêksèng pêndhapa | lawan saanak rabine | rinêksa wadya gung |[1] mantri Dêmak [[f. 483r]: Dê...mak] kalawan Pathi | radèn patih ngandika | mring tuwan kumêndur | saudara jêngandika | bokmênawa wontên kang dipun kêrsani | tilare Martapura ||
133.020 ingkang warni barana lan rabi | Kumêndur Sêlut pangrêpa mujar | ingkang batên-batên radèn | pan kagunganing ratu | anuhuna kawula ajrih | Kumpêni wus kalintang | trima kasihipun | dhatêng gusti sri nalindra | pan kawula dèrèng sagêd amangsuli | sagunge kabaikan ||
133.021 radèn arya angandika aris | dhawuhakên andikaning nata | sarta lawan pitungkase | timbalane sang prabu | apêrkara Si Surapati | mangke nèng Pasuruan | madêg barisipun | bêbahak măncanêgara | sri nalindra amundhut wadya Kumpêni | amukul Surapatya ||
133.022 ing badhe tinuduh ing kardi |[2] kang minăngka senapatining prang | pangeran ing Madurane | Dipati Surèngkewuh | ngirid sagung wadya pasisir | wulan ngajêng punika | nênggih angkatipun | yèn wus dadya ingkang rêmbag | pakênira ing benjing kintuna tulis | pêsthine kang ubaya ||
133.023 tuwan kumêndur aturira aris |[3] yèn makatên rahadèn kawula | tur sêrat ing Batawine | tur sêrat ing gurnadur | ingkang kêrsa sri narapati | mundhut bantu Wêlănda | kinarya amukul | dhatêng nagri Pasuruan | Radèn Arya Sindurêja jumurung kapti |[4] wus bubar masanggrahan [[f. 483v]] ||
133.024 tan winarna sasolahing nguni | Radyan Patih Arya Sindurêja | lawan punggawa kancane | nèng Japara nêm dalu | nulya budhal rahadyan patih | sangking nagri Japara | saha wadyanipun | kumêndur aturira |[5] mring sang nata sagung ingkang pèni-pèni | kabêkta ing rahadyan ||
133.025 tan kawarna lampahirèng margi | Radèn Patih Arya Sindurêja | lan punggawa sakancane | ing Kartasura rawuh | samun katur mring sri bupati | kalima ingandikan | malêbèng kêdhatun | cumundhuk ing ngarsa nata | atur sêmbah sira rahadyan apatih | miwah para punggawa ||
133.026 sampun katur kangjêng sri bupati | lampahira duk anèng Japara | Martapura sasolahe | gumujêng sarya ngungun | angandika sri narapati | marang rêkyana patya | sanak putunipun | Martapura lungakêna | ingsun datan arsa angakêna dasih | bèbète Jiwaraga ||
133.027 radèn patih sigra awotsari | ngaturakên sakèhe bicara | myang kumêndur tur-ature | wus katur sang aprabu | nulya mêdal rahadyan patih | sangking jrone kadhatyan | lan punggawa catur | gênti ingkang kawuwusa | Panêmbahan Kajoran kang anèng wukir | kidul mangkya abăngga ||
133.028 duk bêdhahe nagara Kadhiri | pisahira lawan Trunajaya | panêmbahan sangilène | wong bang wetan kèh tumut | padhusunan măncanagari | mantuk marang Kajoran | madêg barisipun | arsa anggitik Mêtaram | kapiyarsa sangking nagari Mêtawis | duk susunan ngalaga ||
564–565 dari 650

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: rinaksèng mantri agung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.22.4); rinêksa mantri agung (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.22.4); rinêksa ing wadya gung (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.13.4); rinêksèng mantri tuhu (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.22.4). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingkang badhe tinuduh ing kardi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.25.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.25.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.16.1); anadene kang tinuduh kardi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.25.1). (kembali)
Lebih satu suku kata: tuwan kumêndur turira aris. Bandingkan: kumêndur alon dènnya nauri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.26.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.26.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.17.1). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Arya Sindurja jumurung kapti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.26.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.17.9); Radèn Arya Sindurja jumarèng [jumurung] kapti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.26.9). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: kumêndur tur-aturira (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.27.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.27.8; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.18.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 112.27.8). (kembali)