Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
133 dari 149
565–566 dari 650
5.642–5.651 dari 6.494
133.021 radèn arya angandika aris | dhawuhakên andikaning nata | sarta lawan pitungkase | timbalane sang prabu | apêrkara Si Surapati | mangke nèng Pasuruan | madêg barisipun | bêbahak măncanêgara | sri nalindra amundhut wadya Kumpêni | amukul Surapatya ||
133.022 ing badhe tinuduh ing kardi |[1] kang minăngka senapatining prang | pangeran ing Madurane | Dipati Surèngkewuh | ngirid sagung wadya pasisir | wulan ngajêng punika | nênggih angkatipun | yèn wus dadya ingkang rêmbag | pakênira ing benjing kintuna tulis | pêsthine kang ubaya ||
133.023 tuwan kumêndur aturira aris |[2] yèn makatên rahadèn kawula | tur sêrat ing Batawine | tur sêrat ing gurnadur | ingkang kêrsa sri narapati | mundhut bantu Wêlănda | kinarya amukul | dhatêng nagri Pasuruan | Radèn Arya Sindurêja jumurung kapti |[3] wus bubar masanggrahan [[f. 483v]] ||
133.024 tan winarna sasolahing nguni | Radyan Patih Arya Sindurêja | lawan punggawa kancane | nèng Japara nêm dalu | nulya budhal rahadyan patih | sangking nagri Japara | saha wadyanipun | kumêndur aturira |[4] mring sang nata sagung ingkang pèni-pèni | kabêkta ing rahadyan ||
133.025 tan kawarna lampahirèng margi | Radèn Patih Arya Sindurêja | lan punggawa sakancane | ing Kartasura rawuh | samun katur mring sri bupati | kalima ingandikan | malêbèng kêdhatun | cumundhuk ing ngarsa nata | atur sêmbah sira rahadyan apatih | miwah para punggawa ||
133.026 sampun katur kangjêng sri bupati | lampahira duk anèng Japara | Martapura sasolahe | gumujêng sarya ngungun | angandika sri narapati | marang rêkyana patya | sanak putunipun | Martapura lungakêna | ingsun datan arsa angakêna dasih | bèbète Jiwaraga ||
133.027 radèn patih sigra awotsari | ngaturakên sakèhe bicara | myang kumêndur tur-ature | wus katur sang aprabu | nulya mêdal rahadyan patih | sangking jrone kadhatyan | lan punggawa catur | gênti ingkang kawuwusa | Panêmbahan Kajoran kang anèng wukir | kidul mangkya abăngga ||
133.028 duk bêdhahe nagara Kadhiri | pisahira lawan Trunajaya | panêmbahan sangilène | wong bang wetan kèh tumut | padhusunan măncanagari | mantuk marang Kajoran | madêg barisipun | arsa anggitik Mêtaram | kapiyarsa sangking nagari Mêtawis | duk susunan ngalaga ||
133.029 maksih jumênêng anèng ing Matawis |[5] ing Kajoran ginitik ing [[f. 484r]] yuda | Panêmbahan sakawone | angungsi ardi kul |[6] tapèng tirahing jalanidi | lawan sasabatira | nèng guwa manêkung | sawusira lama-lama | Panêmbahan Kajoran umadêg baris | kêkuwu nèng Malambang ||
133.030 wong Gunungkidul pan samya kinait |[7] wus sumuyud marang panêmbahan | sampun adadi barise | nèng Malambang kêkuwu | cucuking prang sampun ngudhuni | abaris ing Talesan[8] | samya ngirup-irup | kanan kèri ing Kalesan | pan sadaya kang mogok dipun gêcêki | suyud sakèh wong desa ||
565–566 dari 650

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingkang badhe tinuduh ing kardi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.25.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.25.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.16.1); anadene kang tinuduh kardi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.25.1). (kembali)
Lebih satu suku kata: tuwan kumêndur turira aris. Bandingkan: kumêndur alon dènnya nauri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.26.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.26.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.17.1). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Arya Sindurja jumurung kapti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.26.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.17.9); Radèn Arya Sindurja jumarèng [jumurung] kapti (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.26.9). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: kumêndur tur-aturira (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.27.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.27.8; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.18.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 112.27.8). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: maksih umadêg anèng Matawis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.32.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.32.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.23.1); mêksih anèng nêgara Matawis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.32.1). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: ngungsi mring Wukirkidul (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.32.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.32.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.23.4); ngungsi ing Wukirkidul (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.32.4). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Gunungkidul samya kinait (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.33.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 112.33.1); wong Gunungkidul samya sumiwi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.33.1); wong Gunungkidul samya ginait (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.24.1). (kembali)
Kalesan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.33.6; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.33.6). Bandingkan: Kalasan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.24.6). (kembali)