Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
135 dari 149
576–577 dari 650
5.752–5.761 dari 6.494
| 135.008 | mêsat marang gêgana pan sarêng prapta | angrubung sang apêkik | ginêtak umêsat | pan kinarya kasukan | kalamun abêdhol dami | nulya sinêbar | dadya watang lan jinggring || |
| 135.009 | yèn ginêtak dadi katingal manusa | ya ta rahadèn kalih | umarêk mring rama | arsa ngrabasèng pura | kang rama ngandika aris | sakarêpira | kulup ingsun nuruti || |
| 135.010 | nanging ingsun iya măngsa pitayaa | karyakna jolèn aglis | kajang kang prayoga | ingsun ana ing jolang | sukèng tyas tanaya kalih | karsaning Sukma | ginubêl anuruti || |
| 135.011 | sangking sangêt katrêsnan[1] dhatêng sang putra | gugur ing lampahnèki | angogèr ing tapa | sampun samya siyaga | sakapraboning ajurit | ki gêdhe sigra | ngubêngi marang dasih || |
| 135.012 | akêkutug mênyan sarwi nabuh kêndhang | surak kang [[f. 493r]] wadya atri | anggêrgut tandangnya | budhal sagung gêgaman | ki gêdhe wus nitih jali | wadya kumêrab | bandera warni-warni || |
| 135.013 | Kartigarun umatur dhatêng rahadyan | lamun suwawi gusti | wadya kang pangarsa | ingagêmana sulak | saengga lir giring mêri | ipèn kawula | pasthine musuh ngisis || |
| 135.014 | sinukanan pangarsanira sadaya | wong sèkêt winatawis | samya ngagêm sulak | Radèn Jayalêlana | anèng sawurining baris | nitih turăngga | sami asongsong kuning || |
| 135.015 | tan winarna lampahira sampun prapta | ing Kêdhungwinong baris | kang wadya bêlabar | pangarsane wus têbah | ing Karècèk dènnya baris | myang Kapandhanan | ambèr ing Wanasrênggi || |
| 135.016 | Kêdhungwinong Sidawayah ênggènira | kang arsa madêg aji | kasaput sêmana | ing dalu kawuwusa | katur ing sri narapati | lamun wong wana | arsa ngrabasèng puri || |
| 135.017 | dêdamêle lumampah pangarsanira | ing Kapandhanan prapti | wadya urut wana | lawan sawetan ngarga | suyud lumampah ing jurit | ing benjang-enjang | dènnya anggêmpur puri || |
576–577 dari 650
| 1 | Catatan: cakra dan pêpêt. (kembali) |