Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
136 dari 149
586–587 dari 650
5.857–5.866 dari 6.494
| 136. Dhandhanggula | |
| 136.001 | kawarnaa kang mangun ajurit | Kangjêng Pangeran Pugêr samona | kang sampun lanang yudane | myang para punggawa gung | ingkang ngusir mêsah wus prapti | wadya Wanakusuma | kathah ingkang lampus | akêkècèr urut marga | pra punggawa sadaya sampun apanggih | lawan kangjêng pangeran || |
| 136.002 | nulya bubar pangeran dipati | kang punggawa lumiring sadaya | dene kang têngga jisime | Dyan Jayaparusèku | nênggih ingkang mantri kêkalih | angantya karsanira | rakanta sang prabu | kangjêng pangeran dipatya | sigra nangkil kalawan para [[f. 500r]] bupati | umiring ari nata || |
| 136.003 | Tumênggung Singabarong tan têbih | wadya Bali umiring sadaya | gumêr gumêrah syarane | kawarnaa sang prabu | wus adangu ngantos kang rayi | lênggah ing dhêdhapar mas | sineba wadya gung | yuyunên ing praptanira | ingkang rayi Pangeran Pugêr gya prapti | lan sagunging punggawa || |
| 136.004 | sri nalendra angawe ing ari | jêng pangeran tumamèng byantara | langkung abukuh lungguhe | rinangkul de sang prabu | sahandangu wacana manis | kaya pa musuhira | kang rayi umatur | pun Jayaparusa pêjah | jolinipun kapanggih datanpa isi | kang wadya sirna gêpang || |
| 136.005 | kang sinuhun angandika aris | bocah gandhèk dèn inggal pundhuta | Jayaparusa jisime | kang kinon awotsantun | tan adangu kunarpa prapti | katur ing sri nalendra | ngandika sang prabu | kang mati sira ta iya | baya iki kang arêp jumênêng aji | mêngku rat tanah Jawa || |
| 136.006 | arêp mungsuh lawan wong Mêtawis | uwakane Ki Jayaparusa | dene eca turu bae | durung panggih lan ingsun | sri nalendra ngatag ing dasih | bocah Singanagara | pacokên dhasipun | panjêrên waringin kêmbar | gêgêmbunge buwangên ing Endragiri | kang kinon atur sêmbah || |
| 136.007 | ingkang murda pinacok tumuli | dyan pinajêr ing waringin kêmbar | tan winarna ing solahe | nulya jêngkar [[f. 500v][1]] sang prabu | angêdhaton ing kênyapuri | sira kangjêng pangeran | ing Pugêr wus kondur | miwah kang para punggawa | samya bubar nagari dalêm winarni | wus gêmah tanpa kara || |
| 136.008 | tata-titi arja kang nagari | suka sugih kang para dipatya | punggawa lawan mantrine | langkung ing kartanipun | suka sugih kang wadya alit | miwah wong dagang layar | kathah ingkang rawuh | ajêg sagunging punggawa | ênêngêna kawarnaa kang lumaris | kang dhatêng Pasuruan || |
| 136.009 | prapta Gênthong kang para bupati | ingantosi Kumpêni tan prapta | sami ngeca-eca bae | Dipati Sampang sampun | aputusan atur upaksi | ing gusti sri nalendra | mêsat kang ingutus | datan kawarna ing marga | kang caraka ing kapatihan wus prapti | tumanduk ngarsanira || |
| 136.010 | sampun cudhuk rahadèn apatih | duta aglis binêkta pasowan | wus sêdhêng manjing purane | kang surat sampun katur | tinupiksa têmbunge tulis | sang nata angandika | patih dèn agupuh | layang iki wangsulana | wartanana yèn ana mungsuh kang prapti | malah têka ing praja || |
586–587 dari 650
| 1 | Sepertinya ada salah penomaran halaman mulai 500v–503v. (kembali) |