Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
137 dari 149
604–605 dari 650
6.035–6.044 dari 6.494
| 137.021 | kang lagya ngewani raka | Radèn Ayu Lêmbah nèng langonsari | mêntas siram sang lir juruh | pan sampun kalih căndra | laminipun nèng Kapugêran sang ayu | atajin dhahar lan nendra | ka cahya saya dumêling || |
| 137.022 | kadya wêwangun lêpihan | rêsak ingkang pasariran buh manis [[f. 520v][1]] | anglunging jaja anguwung | kadya layuning sêkar | netra balud dhahar sarene sinatur[2] | netra lir intên pinêcah | lir mirah intên inganggit || |
| 137.023 | sangega[3] pradapa sêmpal | kadya kontal kanginan sang rêtna di | madyanira anglir putung | lir murca kêdhèpêna | kang wêdona sawang gêbyare sitèngsu | ping padbêlas karainan | piningid dening manipis || |
| 137.024 | riyêm-riyêm asung brăngta | yèn angliring wanor[4] kêjêre ngalis | lir kilat thathit abarung | pantês dadya êla-êla |[5] yèn lumampah sandyah sarya mandul-mandul | akèh modèn banting gobang | kasmaran wingkising lathi || |
| 137.025 | mangkana wau sang rêtna | apan lagya sinurèn ing dasih |[6] rema rawuh ing jêjêngku | lir mega Endrakila | dènnya lênggah sang ayu mugèng ing panggung | sinjange[7] cindhe kênanga | asamir jingga tinêpi || |
| 137.026 | kagèt sang rêtna tumingal | wontên jalma nitih kuda sêsirig | lir badhaya kudanipun | maripit pagêr bata | kang angiring atêbih lawan sang bagus | sang rêtna alon ngandika | ragane ta sapa iki || |
| 137.027 | bola-bali atêtêgar | ngetan ngulon angongak taman sari | lah wong ngêndi baya iku | sang rêtna nulya têdhak | sangking panggung kang êmban kalih umatur | manawi raka paduka | sampun age mudhun gusti || |
| 137.028 | sang rêtna alon ngandika | dudu kangmas dene kang ngiring [[f. 521r]: ngi...ring] kêdhik | măngsa apanglinga ingsun | iya maring kangêmas | nadyan silih nganggoa cara kumêndur | măngsa ta ingsun panglinga | wong iki nganyar-anyari || |
| 137.029 | sang rêtna wus praptèng ngandhap | mundhut ăndha banon wus dèn andhani | minggah ing ăndha sang ayu | dhadha manglung ing bata | duk sêmana pukul lima wayahipun | kang sandhikala mèh prapta | kang surya wus sirat kuning || |
| 137.030 | manglung ing bata sang rêtna | ngalèr ngilèn kang surya narowongi | wêdana katlorong mancur | Radèn Sukra amarak | apan sarêng gènira dulu-dinulu | anglir panjang putra tiba | ing sela kumêpyur sami || |
604–605 dari 650
| 1 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
| 2 | sinatru (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.22.5). (kembali) |
| 3 | saengga. Bandingkan: sèngga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.23.1). (kembali) |
| 4 | winor (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.24.2). (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pantês dadya la-êla (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.24.4). (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: apan lagya sinurèng marang dasih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 121.25.2); mêntas siram pan lagya dèn surèni (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 23.24.2). (kembali) |
| 7 | Mulai dari kata ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |