Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
138 dari 149
606–607 dari 650
6.058–6.067 dari 6.494
| 138.013 | angadhuh asambat mati | Radèn Sukra kadêbugan | dènnya pinarak sêsèndhèn | ing wite jambu drêsana | sarwi angura-ura | rêngêng-rêngêng ngidung-ngidung | tan ana kaciptèng driya || |
| 138.014 | adhuh gustinipun wingi | kang dukani marang ingwang | gandrês tur luwês têmbunge | kaya ngalapana jiwa | pinasthi raganingwang | yèn durung ngabdi wong ayu | sida buyan karungrungan || |
| 138.015 | kawula mirah tur pati | musthikaning Kapugêran [[f. 522r]] | abdine tan kawawanggèr | anandhang rarasing driya | tan ana kang kacipta | mung nah anggèr radèn ayu | tansah gumarit wardaya || |
| 138.016 | sapa ingkang ngusadani | abdine kawêlasarsa | jiwaningong kêmbang sore | awèh edan ing kawula | panu biru ing jaja | sun tohi wêwêdhak marus | tan ajrih kuthah ludira || |
| 138.017 | ana wong têgar maripit | kusuma anèng panggungan | têka nuli mêdhun lorod | puspa cêmêng mungging têgal | baya asih wong ika | dhuh ratune arum-arum | ratu-ratune sasotya || |
| 138.018 | dhangdhang wirang maskuwari | kang pêksi kinarya duta | manglong-manglong mikat bae | kêbo bang kanggon curiga | sênadyan dèn sapiha | kang abdi nuhun babêndu | kapindho jampi larangan || |
| 138.019 | lir amanggih mas sawukir | tumingal ing warnanira | lir taru têrag jawuhe | mangke sinambramèng toya | raosing tyas abdyanta | lir mina amanggih ranu | gusti raosing kang manah || |
| 138.020 | upamanira maswari | tunjung tuwuh ing lautan | rinêksa Walănda akèh | aluning bahni upama | prandene datan etang | sun anglangi samodra gung | arêramon ganjur watang || |
| 138.021 | ulung wido măngsa sami | mati kalap ingsun dewa | ilèr ijo kang adhangkèl | kênthang-kênthang tan akrama | krangeyan munggèng têgal | anganti mas kang sinuhun | anata mata kawula || |
| 138.022 | wus angrasa ingkang ati | tan wontên ingkang sayogya | amuputna ing tuwuhe | nanging gusti jêngandika | paringa tămba brăngta | sun karyane sangu lampus | alêbura ing yumana || |
606–607 dari 650