Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
143 dari 149
621–622 dari 650
6.204–6.213 dari 6.494
| 143.036 | Radèn Antawirya wus winêling | dening rama yèn prapta kang raka | kinèn ngulari tilame | radèn pan sampun rawuh | pasarean dipun ulati [[f. 533v]] | gêguling binalingkrah | rarêpi katêmu | dening Radèn Ăntawirya | Nyai Tambakbaya sampun dèn ampiri | tan kêna lunga-lunga || |
| 143.037 | Radèn Ăntawirya marêk aglis | sampun prapta ngarsane kang rama | jêng pangeran lon dêlinge | nini muliha gupuh | ingkang putra lèngsèr wotsari | kumêmbêng waspanira | nèng marga kasandhung | sapraptanira ing tilam | enyanira umatur aris |[1] yèn rêrêpi kapanggya || |
| 143.038 | arinta radèn ingkang ngulari | sang kusuma gumyur ing wardaya | angrungkêbi gêgulinge | gantya kang rama wau | kang rêrêpèn dipun tingali | pan wus kadugèng driya | muka sumung-sumung | asru dènira ngandika | baya uwus karsaning Yyang Maha Luwih | sun lingsêm anggèr putra || |
| 143.039 | hèh Sudira wêkasana aglis | untapêna wau kakangira | matia sadina kiye | lan Si Tambakbayèku | wasisakna sadina iki | Radèn Suryakusuma | langkung wiyang kalbu | radèn tur sêmbah lumampah | pratmaja ri sadaya samya umiring | ing raka mring lêlangyan || |
| 143.040 | para garwa sadaya nungkêmi | radèn ayu sêpuh myang taruna | samya malangi karsane | suka nanggulang lampus | anging raka tan kêna kokih | dadya samya karuna | para garwanipun | jêng pangeran angandika | aja sira ngrêrubêdi pikir mami | măngsa kêna kagiwang || |
| 143.041 | wadya wêlas atêmahan lalis | yèn sun rasa awèta nèng [[f. 534r]] donya | angakèhkên durakane | yèn kukum donya iku | ing akerat dosane kêdhik | ya ta kangjêng pangeran | ing panêpèn sampun | pra garwa mêksih karuna | gantya ingkang kawuwusa para siwi | wus prapta langonsêkar || |
| 143.042 | ingkang raka kagèt ari prapti | angandika babo ariningwang | padha linggiha ing kene | Radèn Sudira matur | kakang êmbok dinuta mami | dene ing kangjêng rama | pan kinèn amundhut | ing pêjah gêsang sampeyan | sang rêtna di kumêmbêng wêspanya mijil | wuwuse pêgat-pêgat || |
| 143.043 | kang prapmaja[2] samya dèn rungkêbi | dening para êmban inya-enya[3] | lara-lara sêsambate | Ni Tambakbaya wau | mapan sampun dipun talèni | tangis umyang gumêrah | kang ibu wus rawuh | umyung gumulung karuna | wadya alit Kapugêran kagèt sami | wus andhèr ing pasohan || |
| 143.044 | nanging regole sampun kinun-kinunci |[4] datan kêna kang wong malêbua | wêrnanên wau tangise | êmban myang para ibu | radèn ayu ngandika aris | paran gon ingsun minggah | iya raganingsun | yèn karsane kangjêng rama | nora ngango catur pariksa rumiyin | anggugu kakang êmas || |
| 143.045 | aturêna sêmbah ingsun yayi | galap ganggul[5] ingsun marang rama | Radèn Antawirya age | marêk ing rama sampun [[f. 534v]] | praptèng ngarsa rama ngabêkti | katur ing rakanira | sang dyah ayu |[6] kang rama alon ngandika | hèh dèn inggal ja wêlas daging-adaging | aja kasmaran kadang || |
621–622 dari 650
| 1 | Kurang tiga suku kata. Bandingkan: parêkane umatur sarwi anangis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.35.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 125.32.9). (kembali) |
| 2 | pratmaja. (kembali) |
| 3 | enya-enya. (kembali) |
| 4 | Lebih dua suku kata: nanging regole sampun kinunci. Bandingkan: lawang regol pan sampun kinancing (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.42.1). (kembali) |
| 5 | gangsul. (kembali) |
| 6 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: sadaya wus katur (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 29.43.7). (kembali) |