Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
145–146 dari 149
629–630 dari 650
6.290–6.299 dari 6.494
145.044 sigra ngambil wau Dipati Urawan | upas myang darubêsi | sampun pinakanan | wau Radèn Sukra |[1] sagunge kang upas mandi | tan ana mangsah | racun myang darubêsi ||
145.045 prapta malih timbalan sangking jro pura | katur dèrèng ngêmasi | wanti-wanti prapta | gandhèk atundha-tundha | kaku tyasira Dipati | Urawan lawan | Kyai Wiradigdèki ||
145.046 tuwin sira Ki Ngabèi Măndaraka | sigra dèn ukêl aglis | rambutira Sukra | gulune wus dèn idak | binêthot sami malirik | dèn idak-idak | Sukra wus angêmasi [[f. 540r]: angêma...si] ||
145.047 gilang-gilang kunarpa ing pêlataran | wau Ki Adipati | Urawan wus mêdal | tuwin Ki Wiradigda | Măndaraka pan umiring | karaos ing tyas | waspanya andrês mijil ||
146. Mijil
146.001 Ki Dipati Urawan wus prapti | sajawining regol | sigra dènnya bubarkên barise | myang Dipati Sampang Surawèsthi | badholakên baris | syarane gumuruh ||
146.002 pra dipati prasamya tur paksi | tumamèng kêdhaton | praptaning panangkilan lampahe | sampun katur marang sri bupati | kalih dèn timbali | tumamèng kêdhatun ||
146.003 Ki Urawan lawan Ki Dipati | Sampang prapta ing jro | sri nalendra alon andikane | kayaparan Sukra pa wus mati | Urawan ngabêkti | inggih sampun lampus ||
146.004 Si Sindurja luwarana aglis | Urawan wotsinom | sri nalendra lon andikane |[2] hèh adhimas ing Sampang kris iki | paringêna aglis | mring Sindurja iku ||
146.005 sigra nêmbah ki dipati mijil | wus prapta ing regol | wus apanggih lan sira Rahadèn | Arya Sindurja wus dèn dhawuhi | timbalan narpati | ingapura sampun ||
146.006 dhuwungira pan wus dèn tampani | wus ingangge alon | mêdal sangking ing jro pura ge |[3] Urawan lawan Sang Adipati | Sampang pan umiring | marang dalêmipun ||
629–630 dari 650

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: wau Rahadèn Sukra (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.44.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.40.4). (kembali)
Kurang satu suku kata: sri nalendra alon andikane. Bandingkan: sri narendra angindika [angandika] kiye (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.4.3). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: mêdal saking ing jro pura age (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.6.3). (kembali)