Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
145 dari 149
627–628 dari 650
6.264–6.273 dari 6.494
145.018 radèn ayu karuna mulat ing nata | dening siya ing jurit | sang dyah anarka |[1] yène sangêt kang duka | ngandika sri narapati | babo ta sira | muliha dèn agipih ||
145.019 lah warahên lakinira Si Sindurja | yèn arêp nêmu bêcik | lan uripe Sukra | inggal nuli sebaa | praptaa ing ngarsa mami | yèn tan aseba | isun tindak pribadi ||
145.020 Radèn Ayu Pucang wus nêmbah amêdal | prapta dalême rèki | panggih lan rakanta | sira Radèn Sindurja | sang dyah lara dènnya nangis | tutur timbalan- | ira sri narapati ||
145.021 lamun sira jaluk uripe atmaja | sebaa dipun aglis | yèn tan arsa seba | sri nat palangkung[2] duka | kang arsa tindak pribadi | angambilana | ing patinira kalih ||
145.022 alah payo ingsun kinèn angirida | ya ta rahadèn patih | langkung dènnya kewran | dadya anut ing garwa | anêsêp-nasêp[3] sirèki | ngêmbunanira | karia suta mami ||
145.023 sun têdhakna pura marang sri narendra | mangkat rahadèn patih | lawana ingkang garwa |[4] samya dharat kewala | wus prapta ing păncaniti | lajêng ngandikan | tumamèng dalêm puri ||
145.024 Sumabreta[5] kinèn mapak kamandungan [[f. 538v]] | kalawan para mantri | aparêk sadaya | wus panggih lalan[6] rahadyan |[7] pinundhut dhuwunge rèki | Radèn Sindurja | kinakubêng ing baris ||
145.025 pan rinêksa mugèng kori kamandhungan | wadya kaparêk sami | kang samya rinêksa | gantya kang kawuwusa | ting balêbêr para mantri | sangking kadhatyan | gandhèk mawanti-wanti ||
145.026 Ki Dipati Urawan kang kadhawuhan | Sukra kinèn nimbali | lan Dipati Sampang | kang sami kadhawuhan | Radèn Sukra kang winarni | saungkurira | kang rama tangkêp kori ||
145.027 wus amisah wadyabala Kasindurjan | amung kari wong Bugis | satus winitara | wongira sawêtara | i palataran abaris | pating sulimprak | bakilung naut rawis ||
627–628 dari 650

 


Kurang satu suku kata: sang dyah wus anarka. Bandingkan: panarkaning driya (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.13.3). (kembali)
nata langkung. (kembali)
anêsêp-nêsêp (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.17.5). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: lawan ingkang garwa (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.18.3); kalawan kang garwa (Javaansch-Nederduitsch Woordenboek, Gericke en Roorda, Pupuh 127.18.3); lawan ingkang gêrwa (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.22.3). (kembali)
Sumabrata (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.19.1; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.23.1). (kembali)
lan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.19.4). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus panggih lan rahadyan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 224.19.4); kamandhungan dyan patya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.23.4). (kembali)