Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
145 dari 149
629 dari 650
6.281–6.290 dari 6.494
145.035 Radèn Sukra sêmana mangku talêmpak | ingayap de wong Bugis | kagèt ta umiyat | marang ing pamanira | Ki Măndaraka anangis | dhuh sutaningwang | kaya pa sira gusti ||
145.036 nora ngeman marang ing wong tuwanira | uwakira nèng jawi | Dipati Urawan | dhawuhakên timbalan | yèn sira tobat sayêkti | pan ingapura | dening sri narapati ||
145.037 ngaturêna tobat marang uwakira | sakèhe wadya Bugis | padha singgahêna | katon têmênanira | pan wus karsaning Yyang Widi | radèn agampang | wong Bugis dèn tundhungi ||
145.038 regol sampun winêngakkên Bugis mêdal | Urawan angundhangi | aja na sikara | marang wong Bugis ika | Ki Urawan manjing [[f. 539v]: ma...njing] puri | lan Wiradigda | Radèn Sukra ngabêkti ||
145.039 lamun sira sutèng ulun arsa gêsang | ramanira kang mati | yèn sira palastra | kêna ing ukumolah | ramanira kang aurip | sira piliha | timbalane nêrpati ||
145.040 lamun sira nyawa amiliha gêsang | wong tuwa nanggulangi | dadi tanpa karya | ugyaning anak-anak | ramanta tuna sayêkti | aduwe suta | têmah amalês pati ||
145.041 ramanira pinêjahan dalêm pura | amarga ing sirèki | ya ta Radèn Sukra | umatur saha wotsêmbah |[1] kula uwa kang ngandhêmi | anging pun rama | sampun dinosan benjing ||
145.042 ngamungêna badan kawula priyăngga | uwa ingkang labuhi | amba titip uwa | lujênge ing paduka | pun rama sapungkur mami | dèn apuraa | sampun kabêktèng kami ||
145.043 anauri wau Dipati Urawan | aja ta walangati | nêmbah Radèn Sukra | uwa pêjah kawula | sampun andika wêsèni | sakarsa uwa | amrih ing pati mami ||
145.044 sigra ngambil wau Dipati Urawan | upas myang darubêsi | sampun pinakanan | wau Radèn Sukra |[2] sagunge kang upas mandi | tan ana mangsah | racun myang darubêsi ||
629 dari 650

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: umatur saha sêmbah (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.37.4). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: wau Rahadèn Sukra (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 31.44.4; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 127.40.4). (kembali)