Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
146 dari 149
634–635 dari 650
6.336–6.345 dari 6.494
146.043 Ki Tumênggung Wirawidigdèki | banjêngira lunggoh | Mangkuyuda lan Natayudane | pratiwa jro Sumabrăngta nangkil | myang Wirarêjèki | Mangunnêgarèku ||
146.044 Suratani munggèng ngarsa aji | lan pasisir kulon | banjêng Tumênggung Dêmak jajare | Radèn Arya Sindurja wotsari | amba tur upaksi | mêsah wetan rawuh ||
146.045 Pranaragi kithanya dèn broki | gègèr tanpa tanggon | winatawis wong wetan barise | tigang èwu cacahing prajurit | kalêbêt pakathik | kados gangsal èwu ||
146.046 sri nalendra angandika aris | undhangana kang wong | dèn samêkta lan sadadanane | pratêlunên kang para dipati | tuwin pra dipati | prawira nung-anung ||
146.047 adhi êmas sun tuduh pribadi | nindhihi palugon | pra dipatya angiringa kabèh | lawan sira Si Sidurja [[f. 543v]: Si...durja] aglis | awèha udani | marang si kumêndur ||
146.048 iya pira lawase duk prapti | dutane si petor | ngaturakên layang kêkirime | jendral lawan kang para Rat Pêni | anagih mring mami | sêsanggupan ingsun ||
146.049 lah warahên kumêndur jro tulis | yèn wong Jawa eroh | anadhahi mungsuh wetan gêdhe | kaya apa ênggone amikir | ingutangan mami | lagya woh anglurug ||
146.050 malah mundhuta bantu Kumpêni | nanggulang palugon | yèn Wêlănda amundhut bantune | apa gawe kudu anênagih | ing sanggupan mami | mêngko lagi ewuh ||
146.051 sajatine mungsuh pan pinanggil | dènira sang katong | sabên-sabên pan prapta layange | sangking Kumpni surat anênagih | mungsuhe pinanggil | kinarya pakewuh ||
146.052 sri nalendra angandika aris | lan têkaning mungsuh |[1] pratelakna tanah lan ênggone | Pranaraga iya kang dèn broki | wong wetan kang prapti | pamuk patang èwu ||
634–635 dari 650

 


Biasanya guru lagu o: mungsoh. Bandingkan: musoh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.51.2). (kembali)