Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
146 dari 149
635–636 dari 650
6.349–6.358 dari 6.494
146.056 lir Bathara Endra ginêrbêg ing | pra widadaryanom | praptèng sitinggil sri narpa anolèh |[1] hèh Suwănda timbalana si adhi |[2] ing Pugêr dèn aglis | lan Si Sindurja iku |[3]|
146.057 pan katêlu adhimas dipati | ing Sampang maring jro | Ni Suwănda tumurun ge-age | sapraptanira ing păncaniti | sira pratiwa tri | dhinawuhan wuwus ||
146.058 kerid marang Ni Suwănda katri | wus praptèng kêdhaton | sri nalendra ing prabayêksane | wau sira pratiwa katri |[4] ngandikan narpati | dèn kaparèng ngayun ||
146.059 dyan manêmbah sira pratiwa tri | majêng ngarsa katong | sri nalendra alon andikane | kayaparan dhimas ingsun tari | tuwin sira kalih | paran ing karsèku ||
146.060 dene panagihe wong Kumpêni | wanti-wanti mring ngong | lamun besuk ana prapta manèh | layang panagih têka Bêtawi | apa ngong sauri | utang ingsun sanggup ||
146.061 Jêng Pangeran Pugêr matur aris | langkung karsa katong | datan kenging nglangkungi karsane | sri nalêndra angandika aris | hèh pikirên adhi | sira pan katêmpuh ||
146.062 ari matur yèn karsa kaka ji | inggih lêng pinagok [[f. 545r][5]] | tanpa damêl dados lan icale | ing Carêbon ing Pasundhan tuwin | Sindurja nambungi | rakanta kang sanggup ||
146.063 amaringi ajining Kumpêni | kang pêjah palugon | lawan amaringi bêlanjane | ingkang binêkta andon ajurit | rakamta nêrpati | ing nguni sumanggup ||
146.064 kados punapa gène angêlesi |[6] pangran ngandika lon | baya angèl Sindurja saure | sira bae iku anauri | kabèh ing rat Jawi | kagunganing ratu ||
146.065 wong Kumpêni bantoni ajurit | kangmas madêg katong | apan uwis anêmu untunge | ing Carêbon ing Pasundhan tuwin | wawênang pinaring | dene kakang prabu ||
635–636 dari 650

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: praptèng sitigil sang narpa nolèh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.55.3). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: hèh Suwănda timbalana adhi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.55.4). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: lan Sindurêjèku (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.55.6). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: wau sira kang bupati katri (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.57.4). (kembali)
Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: kados punapa ênggèn anglèsi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.63.1). (kembali)