Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
146 dari 149
636 dari 650
6.351–6.360 dari 6.494
| 146.058 | kerid marang Ni Suwănda katri | wus praptèng kêdhaton | sri nalendra ing prabayêksane | wau sira pratiwa katri |[1] ngandikan narpati | dèn kaparèng ngayun || |
| 146.059 | dyan manêmbah sira pratiwa tri | majêng ngarsa katong | sri nalendra alon andikane | kayaparan dhimas ingsun tari | tuwin sira kalih | paran ing karsèku || |
| 146.060 | dene panagihe wong Kumpêni | wanti-wanti mring ngong | lamun besuk ana prapta manèh | layang panagih têka Bêtawi | apa ngong sauri | utang ingsun sanggup || |
| 146.061 | Jêng Pangeran Pugêr matur aris | langkung karsa katong | datan kenging nglangkungi karsane | sri nalêndra angandika aris | hèh pikirên adhi | sira pan katêmpuh || |
| 146.062 | ari matur yèn karsa kaka ji | inggih lêng pinagok [[f. 545r][2]] | tanpa damêl dados lan icale | ing Carêbon ing Pasundhan tuwin | Sindurja nambungi | rakanta kang sanggup || |
| 146.063 | amaringi ajining Kumpêni | kang pêjah palugon | lawan amaringi bêlanjane | ingkang binêkta andon ajurit | rakamta nêrpati | ing nguni sumanggup || |
| 146.064 | kados punapa gène angêlesi |[3] pangran ngandika lon | baya angèl Sindurja saure | sira bae iku anauri | kabèh ing rat Jawi | kagunganing ratu || |
| 146.065 | wong Kumpêni bantoni ajurit | kangmas madêg katong | apan uwis anêmu untunge | ing Carêbon ing Pasundhan tuwin | wawênang pinaring | dene kakang prabu || |
| 146.066 | alêloji apan dèn turuti | ing pasisir bang lor | ya Jêpara Têgal Sêmarange | nora nana panêbasing bumi | dagang layar olih | wong Jawa atakut || |
| 146.067 | iku dudu bawaning Kumpêni | pan bawaning katong | yèn amaksa iya panagihe | ngambanga bae nèng jaladri |[4] bumi kang dèn ciki | banyu kang dèn inum || |
636 dari 650
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wau sira kang bupati katri (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.57.4). (kembali) |
| 2 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kados punapa ênggèn anglèsi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.63.1). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: angambanga bae ing jaladri (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.66.4); ngambanga bae anèng jaladri (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.65.4). (kembali) |