Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
146 dari 149
636–637 dari 650
6.360–6.369 dari 6.494
| 146.067 | iku dudu bawaning Kumpêni | pan bawaning katong | yèn amaksa iya panagihe | ngambanga bae nèng jaladri |[1] bumi kang dèn ciki | banyu kang dèn inum || |
| 146.068 | akèh jine iya tanah Jawi | pan nambah liyan wong | sukêt godhonge sapa kang duwe | lawan olih kèringan pasisir | wong Jawa tan wani | apitnah ru-biru || |
| 146.069 | apan iku iya kuwasaning | kang umadêg katong | dyan manêmbung Dipati Sampange | inggih lêrês panitihe ugi | apan wong Kumpêni | nèng Jawa bêburuh || |
| 146.070 | yèn wus olih buruhane mulih | lungaa dèn adoh | aja ngancik lêmah Jawa manèh | awangsula marang ing Batawi | mung iku kang uwis | liningan kêkuwu || |
| 146.071 | aprandene sabarang sêkalir | têngahing palugon | nora uwis Si Walănda dhewe | ukur-ukur iya ngangêtêbi | kang atalang jurit | tan lyan wong Jawèku || |
| 146.072 | sri narendra mèngsêm ngandika ris | iya iku pêngkoh | yèn marambat Walănda karêpe | yèn ala sun walês angalani [[f. 545v]] | yèn tan ana amrih | ing jangjing[2] sun tulus || |
| 146.073 | yèn tan narima ing wong Kumpêni | ngêmpèk-êmpèk ingong | pêsthi kono sêdhêng tundhungane | wong Wêlănda têka tanah Jawi | yèn bêcik sun eling | ing wirayatipun || |
| 146.074 | kangjêng eyang sultan ing Matawis | amêca maringong | durung ana babar wirayate | lamun abala bacingah sami | wus pinanggih mangkin | ing wirayatipun || |
| 146.075 | hèh Sindurja iyèku dèn eling | anggêr-anggêr ingong | apadene yèn katêmu dhewe | lan si petor si kumêndur benjing | Sindurja wotsari | sandika pukulun || |
| 146.076 | angandika wau sri bupati | mring kang rayi alon | lakunira yèn prapta ing têmbe | muruhira tajokên[3] ing tulis | gawea pêpati | aja kêmbèng laku || |
636–637 dari 650
| 1 | Kurang satu suku kata: angambanga bae ing jaladri (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.66.4); ngambanga bae anèng jaladri (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.65.4). (kembali) |
| 2 | jangji. (kembali) |
| 3 | musuhira tonjokên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.75.4). (kembali) |