Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
146–147 dari 149
637–638 dari 650
6.368–6.377 dari 6.494
146.075 hèh Sindurja iyèku dèn eling | anggêr-anggêr ingong | apadene yèn katêmu dhewe | lan si petor si kumêndur benjing | Sindurja wotsari | sandika pukulun ||
146.076 angandika wau sri bupati | mring kang rayi alon | lakunira yèn prapta ing têmbe | muruhira tajokên[1] ing tulis | gawea pêpati | aja kêmbèng laku ||
146.077 pangran mangênjali ing raka ji | katiga wotsinom | pinaringan pan satus reyale | sangunira gènnya andon jurit | katiga wus mijil | prapta dalêmipun ||
146.078 samya ngundhangi wadyanira lit | prasamya acaos | datatita ing sagêgamane | tan winarna kunêng gantya ari | wus atata baris | atêngara pungkur ||
147. Pangkur
147.001 gumrah wadyèng Kapugêran | wong anumbak miwah wong saragêni | wus samya munggèng lêlurung | bandera pari mudha | kang bandera gêniroga myang lêlayu | waos bung ampèl lan binang | cêmêng myang pêthak jininggring ||
147.002 kapêdhak ing Kapugêran | Jayadarma lan Jayadarma[2] ngirit | Pranayuda sisihipun | kêlawan Onggontaka | Japasuta Banyakpatra tri jayèku | Surangjaya Tambakbaya | andêl-andêling ajurit ||
147.003 Sutakêrti Kêrtiwăngsa | Sêstrawăngsa sêman[3] siyagèng jurit | miwah ingkang para sunu | tan wontên kang kantuna [[f. 546r]: kantu...na] | Radèn Surya sêmana apamit sampun | ing Pangeran Adipatya | tumut ing rama don jurit ||
147.004 pratmaja sampun sanega | pangran budhal sangking dalêmirèki | syarane wahana kumpul | gamane pra wêdana | Ki Dipati Urawan balane umyung | Ki Tumênggung Mangkuyuda | myang Natayuda kang ari ||
147.005 Tumênggung Wirawidigda | sampun budhal sangking dalêmirèki | wus prapta ing alun-alun | sagunge kang gêgaman | jêng pangeran budhal sangking dalêmipun | ingiring dening pratmaja | wus prapta ing păncaniti ||
147.006 ngandikan marang jro pura | jêng pangeran lan sagung pra dipati | praptèng pura samya ngunjung | sasampunira mêdal | sarêng budhal baris sangking alun-alun | gumuruh syaraning bala | măngka panganjuring jurit ||
637–638 dari 650

 


musuhira tonjokên (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.75.4). (kembali)
Bandingkan: Jayawirya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.2.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.2.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 123.89.2). (kembali)
Bandingkan: sêmana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.3.2); sami (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 123.90.2). (kembali)