Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
146 dari 149
631–632 dari 650
6.304–6.313 dari 6.494
146.011 pan rinaos dosane pan kêdhik | dosane sang anom | pan miyarsa warti ing yêktine | kawarnaa sang adipati |[1] animbali Nyai | Suwănda ingutus ||
146.012 marang Kapugran mundhuta aglis | ing putrine anom | Radèn Ayu Impun kêkasihe | lampahira Nyai Suwănda apan aglis |[2] Kapugêran prapti | tumanduk malêbu ||
146.013 panggih lawan pangeran nujoni | pinarak ing gandhok | ingkang garwa angadhêp kalihe | tuwin wau pangeran ri kalih | Nyai Suwănda aglis |[3] dhawuhakên wuwus ||
146.014 amba dinuta rakanta aji | nglayad kang wus layon | lawan kinon paring sêlawate | lawan mori tigang kêbar gusti | sigra dèn tampani | lan reyal rongatus ||
146.015 lawan kinèn mundhut putra èstri | wontêna kêdhaton | Radèn Ayu [[f. 541r]: A...yu] Impun nahing anggèr | raka paduka jêng ratu nênggih | kapengin sutèsri | dadyaa pêpungun ||
146.016 jêng pangeran sumăngga turnèki | pan datan angraos | dêrmi-dêrmi ngakên suta bae | lawan wontên sarèki-rèkining | radèn ayu nênggih | Pugêr asêsunu ||
146.017 èstri sarêng pinundhut narpati | maksih kênya karo | Nyai Suwănda pan sami lèngsèr | sandyah kalih tinitihkên joli | lampahe lumaris | wus prapta kêdhatun ||
146.018 sampun marang sri bupati nangkil | wau sang lir sinom | pan pinutra-putra ing kalihe | ya ta ingkang kawuwusa malih | Radèn Surapati | kang wibawa luhung ||
146.019 ing nêgari Pasêdhahan mukti | kang prawirèng tanggon | langkung gêmah raharja kuthane | kang maesa tanpa kandhang sami | lêksanèng kèdhêp ing | kanan kèri takut ||
146.020 siniwèng wadya sang adipati | pinarak ing gandhok | para mantri andhèr nèng ngarsane | myang Răngga Bun Jêladri nèng ngarsi | Ngabèi Lor nênggih | myang Ngabèi Kidul ||
631–632 dari 650

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: ya ta kawarnèng pura sang aji (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.11.4); kawarnaa wau sri bupati (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.11.4). (kembali)
Lebih tiga suku kata. Bandingkan: lampahira Nyai Suwănda glis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.12.4). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Nyai Suwănda glis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.13.5). (kembali)