Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
146 dari 149
631–632 dari 650
6.309–6.318 dari 6.494
| 146.016 | jêng pangeran sumăngga turnèki | pan datan angraos | dêrmi-dêrmi ngakên suta bae | lawan wontên sarèki-rèkining | radèn ayu nênggih | Pugêr asêsunu || |
| 146.017 | èstri sarêng pinundhut narpati | maksih kênya karo | Nyai Suwănda pan sami lèngsèr | sandyah kalih tinitihkên joli | lampahe lumaris | wus prapta kêdhatun || |
| 146.018 | sampun marang sri bupati nangkil | wau sang lir sinom | pan pinutra-putra ing kalihe | ya ta ingkang kawuwusa malih | Radèn Surapati | kang wibawa luhung || |
| 146.019 | ing nêgari Pasêdhahan mukti | kang prawirèng tanggon | langkung gêmah raharja kuthane | kang maesa tanpa kandhang sami | lêksanèng kèdhêp ing | kanan kèri takut || |
| 146.020 | siniwèng wadya sang adipati | pinarak ing gandhok | para mantri andhèr nèng ngarsane | myang Răngga Bun Jêladri nèng ngarsi | Ngabèi Lor nênggih | myang Ngabèi Kidul || |
| 146.021 | angandika Radèn Surapati | mring pêpatih akon | siyagaa ing ayuda kabèh | para mantri iridên tumuli | marang Panaragi | lumaksanèng pupuh || |
| 146.022 | wadya Pasuruan kang milu sêpalih |[1] kang sami palugon | saha sêmbah wau Ngabèi Lèr | lêngsêr sangking ing ngarsa wus mijil | wadyanira sami | ingundhangan sampun || |
| 146.023 | dènnya [[f. 542r]] tata-tata tigang latri | kocaping cariyos | sampun badhol sangking nagarane | gêgamanira awarni-warni | panganjuring jurit | wong anumbak biru || |
| 146.024 | ganderanya apan cinirèn ing | banthèng kalêlaton | wong Cêcanrangbaya[2] galongane | wong Anumbak irêng kang nambungi | irêng gandera sri | ciri kêthèk jamus || |
| 146.025 | wong Adêrmbahita galonganèki |[3] samya kêthot-kêthot | walung puluh galong-galongane | tumbak binang sira ta ing wuri | ganderanya abrit | ciri macan wulung || |
631–632 dari 650
| 1 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: wadyèng Pasuruhan kang sapalih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.22.1). (kembali) |
| 2 | Sêcanrangbaya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.24.3). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Adêrmbayuda galongani (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.25.1); wong Drêmayuda wastanirèki (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.25.1). (kembali) |