Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
146 dari 149
632–633 dari 650
6.316–6.325 dari 6.494
146.023 dènnya [[f. 542r]] tata-tata tigang latri | kocaping cariyos | sampun badhol sangking nagarane | gêgamanira awarni-warni | panganjuring jurit | wong anumbak biru ||
146.024 ganderanya apan cinirèn ing | banthèng kalêlaton | wong Cêcanrangbaya[1] galongane | wong Anumbak irêng kang nambungi | irêng gandera sri | ciri kêthèk jamus ||
146.025 wong Adêrmbahita galonganèki |[2] samya kêthot-kêthot | walung puluh galong-galongane | tumbak binang sira ta ing wuri | ganderanya abrit | ciri macan wulung ||
146.026 wong Surènglaga sakumbanèki | samya anom-anom | kang nambungi wong sikêp bung ampèl | ganderane pan aciri kuning | wong Sêcanrangwèsthi | gêgalonganipun ||
146.027 wong anumbak putih anèng wuri | putih binalêkok | cinirenan wau ganderane | kalacakra majok catur gyaning | wong anjayèng rêpit | gêgalonganipun ||
146.028 kang amangku gêgaman jro sami | Patih Ngabèi Lor | Ki Ngabèi Kidul sisihane | sinambungan dening para mantri | Bun Jaladriyakti | Bun Jaladriyèku ||
146.029 Jalalodra lan Bun Jalapati | Bun Jalapaningron | Lêmbu Singadara ing wurine | Lêmbu Giyêng Lêmbu Wanasrênggi | Lêmbu Pethapathi[3] | Dêmang Lêmbu Gadrug ||
146.030 Dêmang Gêmpung lan Răngga Jêladri | Răngga Panatasros[4] | warna-warna pra mantri wadyane | Dalêm Jayaningrat munggèng wuri | sawadyanirèki | kabèh sikêp tulup ||
146.031 tiga bêlah èwu winitawis | prajurit kang anom | pan kajawi pêpikulan [[f. 542v]: pêpi...kulan] ngobèng | ingkang samya nyêkêli turanggi | sira pra prajurit | prawira nung-anung ||
146.032 tan winarna lampahirèng margi | ginêlêk ponang wong | pan wus prapta kidul Selamalèng[5] | palabuhan sampun dèn sabrangi | panganjuring jurit | wus ngancik Madiun ||
632–633 dari 650

 


Sêcanrangbaya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.24.3). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Adêrmbayuda galongani (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.25.1); wong Drêmayuda wastanirèki (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.25.1). (kembali)
Potha-pathi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.29.5; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.29.5). (kembali)
Panatasron (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.30.2). Bandingkan: Panatasingron ( Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.30.2). (kembali)
Selamanglèng (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.32.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.32.3). (kembali)