Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
146 dari 149
632–633 dari 650
6.315–6.324 dari 6.494
| 146.022 | wadya Pasuruan kang milu sêpalih |[1] kang sami palugon | saha sêmbah wau Ngabèi Lèr | lêngsêr sangking ing ngarsa wus mijil | wadyanira sami | ingundhangan sampun || |
| 146.023 | dènnya [[f. 542r]] tata-tata tigang latri | kocaping cariyos | sampun badhol sangking nagarane | gêgamanira awarni-warni | panganjuring jurit | wong anumbak biru || |
| 146.024 | ganderanya apan cinirèn ing | banthèng kalêlaton | wong Cêcanrangbaya[2] galongane | wong Anumbak irêng kang nambungi | irêng gandera sri | ciri kêthèk jamus || |
| 146.025 | wong Adêrmbahita galonganèki |[3] samya kêthot-kêthot | walung puluh galong-galongane | tumbak binang sira ta ing wuri | ganderanya abrit | ciri macan wulung || |
| 146.026 | wong Surènglaga sakumbanèki | samya anom-anom | kang nambungi wong sikêp bung ampèl | ganderane pan aciri kuning | wong Sêcanrangwèsthi | gêgalonganipun || |
| 146.027 | wong anumbak putih anèng wuri | putih binalêkok | cinirenan wau ganderane | kalacakra majok catur gyaning | wong anjayèng rêpit | gêgalonganipun || |
| 146.028 | kang amangku gêgaman jro sami | Patih Ngabèi Lor | Ki Ngabèi Kidul sisihane | sinambungan dening para mantri | Bun Jaladriyakti | Bun Jaladriyèku || |
| 146.029 | Jalalodra lan Bun Jalapati | Bun Jalapaningron | Lêmbu Singadara ing wurine | Lêmbu Giyêng Lêmbu Wanasrênggi | Lêmbu Pethapathi[4] | Dêmang Lêmbu Gadrug || |
| 146.030 | Dêmang Gêmpung lan Răngga Jêladri | Răngga Panatasros[5] | warna-warna pra mantri wadyane | Dalêm Jayaningrat munggèng wuri | sawadyanirèki | kabèh sikêp tulup || |
| 146.031 | tiga bêlah èwu winitawis | prajurit kang anom | pan kajawi pêpikulan [[f. 542v]: pêpi...kulan] ngobèng | ingkang samya nyêkêli turanggi | sira pra prajurit | prawira nung-anung || |
632–633 dari 650
| 1 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: wadyèng Pasuruhan kang sapalih (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.22.1). (kembali) |
| 2 | Sêcanrangbaya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.24.3). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Adêrmbayuda galongani (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.25.1); wong Drêmayuda wastanirèki (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.25.1). (kembali) |
| 4 | Potha-pathi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.29.5; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.29.5). (kembali) |
| 5 | Panatasron (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.30.2). Bandingkan: Panatasingron ( Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.30.2). (kembali) |