Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
146 dari 149
633 dari 650
6.321–6.330 dari 6.494
| 146.028 | kang amangku gêgaman jro sami | Patih Ngabèi Lor | Ki Ngabèi Kidul sisihane | sinambungan dening para mantri | Bun Jaladriyakti | Bun Jaladriyèku || |
| 146.029 | Jalalodra lan Bun Jalapati | Bun Jalapaningron | Lêmbu Singadara ing wurine | Lêmbu Giyêng Lêmbu Wanasrênggi | Lêmbu Pethapathi[1] | Dêmang Lêmbu Gadrug || |
| 146.030 | Dêmang Gêmpung lan Răngga Jêladri | Răngga Panatasros[2] | warna-warna pra mantri wadyane | Dalêm Jayaningrat munggèng wuri | sawadyanirèki | kabèh sikêp tulup || |
| 146.031 | tiga bêlah èwu winitawis | prajurit kang anom | pan kajawi pêpikulan [[f. 542v]: pêpi...kulan] ngobèng | ingkang samya nyêkêli turanggi | sira pra prajurit | prawira nung-anung || |
| 146.032 | tan winarna lampahirèng margi | ginêlêk ponang wong | pan wus prapta kidul Selamalèng[3] | palabuhan sampun dèn sabrangi | panganjuring jurit | wus ngancik Madiun || |
| 146.033 | para mantri ing măncanagari | tan wontên kang tanggon | wadyabala tilar nêgarane | baris agêng prapta Pranaragi | gègèr wadya alit | samya ngungsi gunung || |
| 146.034 | ana ngungsi ing wana asungil | langkung susahing wong | kang sawênèh ngungsi jurang pèrèng | ing karang rong pan samya dèn ungsi | myang tiris taritis | tintrim solahipun || |
| 146.035 | kitha Pranaraga wus dèn broki | mring Ngabèi Lor |[4] lan pra mantri sakancane kabèh | pangarsanira pan sampun têbih | pan satêngah ari | lawan baris agung || |
| 146.036 | ênêngêna kang samya abaris | gênti winiraos | sri nalendra ing Kartasurane | enjing siniwèng ing păncaniti | pratiwandhèr ngarsi | prawira nung-anung || |
| 146.037 | magêrsari kaparak mêrapit | kang ampilan abryo[5] | Priyantaka ing ngarsa unggyane | saragêni ingkang anambungi | bandera mêrapit | gulaklapa iku || |
633 dari 650
| 1 | Potha-pathi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.29.5; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.29.5). (kembali) |
| 2 | Panatasron (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.30.2). Bandingkan: Panatasingron ( Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.30.2). (kembali) |
| 3 | Selamanglèng (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.32.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.32.3). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ki Ngabèi Êlor (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.35.2). (kembali) |
| 5 | abyor. Bandingkan: ambyor (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.37.2). (kembali) |