Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
146 dari 149
630–631 dari 650
6.295–6.304 dari 6.494
| 146.002 | pra dipati prasamya tur paksi | tumamèng kêdhaton | praptaning panangkilan lampahe | sampun katur marang sri bupati | kalih dèn timbali | tumamèng kêdhatun || |
| 146.003 | Ki Urawan lawan Ki Dipati | Sampang prapta ing jro | sri nalendra alon andikane | kayaparan Sukra pa wus mati | Urawan ngabêkti | inggih sampun lampus || |
| 146.004 | Si Sindurja luwarana aglis | Urawan wotsinom | sri nalendra lon andikane |[1] hèh adhimas ing Sampang kris iki | paringêna aglis | mring Sindurja iku || |
| 146.005 | sigra nêmbah ki dipati mijil | wus prapta ing regol | wus apanggih lan sira Rahadèn | Arya Sindurja wus dèn dhawuhi | timbalan narpati | ingapura sampun || |
| 146.006 | dhuwungira pan wus dèn tampani | wus ingangge alon | mêdal sangking ing jro pura ge |[2] Urawan lawan Sang Adipati | Sampang pan umiring | marang dalêmipun || |
| 146.007 | sêngkalane ingetang anunggil | duk panggih sang anom | lawan kangjêng pangran dipatya nèm | apan maksih tunggil [[f. 540v]: tunggi...l] ingkang warsi | mangkana winarni | layon kalihipun || |
| 146.008 | sapraptane dalême rèki |[3] Sindurja andongong | mulat ingkang putra layone |[4] mênggah-mênggah asabil ing ati | wau ki dipati | ing Sampang angrapu || |
| 146.009 | kakang sampun karsaning Yyang Luwih | sampun winiraos | pati urip kakang wus takdire | datan kêna manusa amilih | pan sampun pinasthi | karsaning Yyang Agung || |
| 146.010 | sampun pinêtak kang layon sami | gantya winiraos | wau Kangjêng Pangran Dipati Nèm | alami tyas karasa kang galih | wirangrong sang pêkik | sadalêming kalbu || |
| 146.011 | pan rinaos dosane pan kêdhik | dosane sang anom | pan miyarsa warti ing yêktine | kawarnaa sang adipati |[5] animbali Nyai | Suwănda ingutus || |
630–631 dari 650
| 1 | Kurang satu suku kata: sri nalendra alon andikane. Bandingkan: sri narendra angindika [angandika] kiye (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.4.3). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mêdal saking ing jro pura age (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.6.3). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sapraptane ing dalêming rèki (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.8.1); kang lumampah prapta ing wisma glis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.8.1). (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mulat marang suta kunarpane (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.8.3); mulat ikang suta kunarpane (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.8.3). (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ya ta kawarnèng pura sang aji (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.11.4); kawarnaa wau sri bupati (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.11.4). (kembali) |