Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
146 dari 149
633–634 dari 650
6.324–6.333 dari 6.494
146.031 tiga bêlah èwu winitawis | prajurit kang anom | pan kajawi pêpikulan [[f. 542v]: pêpi...kulan] ngobèng | ingkang samya nyêkêli turanggi | sira pra prajurit | prawira nung-anung ||
146.032 tan winarna lampahirèng margi | ginêlêk ponang wong | pan wus prapta kidul Selamalèng[1] | palabuhan sampun dèn sabrangi | panganjuring jurit | wus ngancik Madiun ||
146.033 para mantri ing măncanagari | tan wontên kang tanggon | wadyabala tilar nêgarane | baris agêng prapta Pranaragi | gègèr wadya alit | samya ngungsi gunung ||
146.034 ana ngungsi ing wana asungil | langkung susahing wong | kang sawênèh ngungsi jurang pèrèng | ing karang rong pan samya dèn ungsi | myang tiris taritis | tintrim solahipun ||
146.035 kitha Pranaraga wus dèn broki | mring Ngabèi Lor |[2] lan pra mantri sakancane kabèh | pangarsanira pan sampun têbih | pan satêngah ari | lawan baris agung ||
146.036 ênêngêna kang samya abaris | gênti winiraos | sri nalendra ing Kartasurane | enjing siniwèng ing păncaniti | pratiwandhèr ngarsi | prawira nung-anung ||
146.037 magêrsari kaparak mêrapit | kang ampilan abryo[3] | Priyantaka ing ngarsa unggyane | saragêni ingkang anambungi | bandera mêrapit | gulaklapa iku ||
146.038 wong Nirbaya munggèng kanan kèri | pinilih tan adoh | apan samya pinilih jajare | Wirabraja Brajanala kèri | Kartiyasa nênggih | Wiramarta ngayun ||
146.039 maudara mingyaga[4] nisihi | nèng ngarsa tan adoh | Patrayuda Kanoman sisihe | Jagabaya [[f. 543r]: Jaga...baya] lan nyanggragnyana[5] kèri |[6] wirapracundhèki | nutra lawan mandhung ||
146.040 martalulut lan singanagari | gandhèk mantri anom | Patranala lan darmahitane | Suranata ajajar lan carik | unggyan tan atêbih | lawan sang aprabu ||
633–634 dari 650

 


1 Selamanglèng (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.32.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 32.32.3). (kembali)
2 Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ki Ngabèi Êlor (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.35.2). (kembali)
3 abyor. Bandingkan: ambyor (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.37.2). (kembali)
4 miyăngga (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.39.1). (kembali)
5 nyangkragnyana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.39.4). (kembali)
6 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Jagabaya Nyangkragnyana kering (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 128.39.4). (kembali)