Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
147 dari 149
642–643 dari 650
6.419–6.428 dari 6.494
147.048 pan sampun ayun-ayunan | Radèn Lêmbu Lêmbara kang nindhihi | bêndhe tinitir angungkung | sigra wadya mawantah | Janapura kang munggèng ngarsa anêmpuh | wadyèng Japara atadhah | arame bêdhil-binêdhil ||
147.049 pra tumênggung kang pangawat | angêbyuki bêdhili sangking wuri | ya ta sinapan tri atus | wong Têgal sarêng munya | sarêng lawan surake bala gumuruh | campur pangriking turăngga | lir kocaking jalanidi ||
147.050 Rahadèn Suryakusuma | animbali mring wadya nêngah jurit | sinèbêt kang kuda maprung | wus nêngah ing payudan | Mangkuyuda Natayuda kagèt dulu | radèn ingampah tan kêna | dadya kalih anglabuhi ||
147.051 turangganira rahadyan | Samipana[1] paningale wadya lit | pan saasta luhuripun | bênggange sangking lêmah | dyan umangong[2] kabèh prawira nung-anung | anggêrgut angrurah lawan | satru bagna luyut lari ||
147.052 Rahadèn Lêmbu Lêmbora | apan [[f. 549r]] lagya wadya bagna tan pulih | kèndêl nyalimpêt wana gung | kang maksih wadyanira | mănca sowang sêmana kasaput dalu | mundur wadyèng Kartasura | Caruban lêrêb salatri ||
147.053 enjing-enjing nulya budhal | tan winarna prapta ing Pranaragi | umarêk ing rama sampun | tuwin sagung dipatya | Jêng Pangeran Pugêr angandika arum | kapriye ing yudanira | basukine wadya alit ||
147.054 sang liningan datan wangwang | mangênjali inggih raharjèng jurit | satru tan wangwang suh sumyur | jêng pangeran miyarsa | langkung tustha gantya wau kang winuwus | Rahadèn Lêmbu Lêmbora | kang nyalimpêt ing wanadri ||
147.055 rahadèn arsa asohan | dhatêng pangran wus mangkat radèn kalih | prapta ing pakuwon dalu | panggya lan jêng pangeran | babêktane sadaya pan sampun katur | kaatur dhatêng narendra | tuwin ing Pangran Dipati ||
147.056 liring pèni-pèninira | Pasêdhahan katur ing sri bupati | pratmaja duta wotsantun | sêmbahipun pun bapa | kaatura paduka tuwin sang prabu | kang sapangat sri narendra | myang jêng paduka pinundhi ||
147.057 lèngsèr kang tênaya suta | wayah lagya kulêm samya lumaris | wus umasuk ing wana gung | lawan wadya sadaya | ngalor ngetan nagri ing Caruban rawuh | tan kandhêk ing lampahira | artatine kang lumaris ||
642–643 dari 650

 


Samirana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.51.2). (kembali)
Bandingkan: gumulung (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.51.5). (kembali)