Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
147–148 dari 149
643–644 dari 650
6.422–6.431 dari 6.494
147.051 turangganira rahadyan | Samipana[1] paningale wadya lit | pan saasta luhuripun | bênggange sangking lêmah | dyan umangong[2] kabèh prawira nung-anung | anggêrgut angrurah lawan | satru bagna luyut lari ||
147.052 Rahadèn Lêmbu Lêmbora | apan [[f. 549r]] lagya wadya bagna tan pulih | kèndêl nyalimpêt wana gung | kang maksih wadyanira | mănca sowang sêmana kasaput dalu | mundur wadyèng Kartasura | Caruban lêrêb salatri ||
147.053 enjing-enjing nulya budhal | tan winarna prapta ing Pranaragi | umarêk ing rama sampun | tuwin sagung dipatya | Jêng Pangeran Pugêr angandika arum | kapriye ing yudanira | basukine wadya alit ||
147.054 sang liningan datan wangwang | mangênjali inggih raharjèng jurit | satru tan wangwang suh sumyur | jêng pangeran miyarsa | langkung tustha gantya wau kang winuwus | Rahadèn Lêmbu Lêmbora | kang nyalimpêt ing wanadri ||
147.055 rahadèn arsa asohan | dhatêng pangran wus mangkat radèn kalih | prapta ing pakuwon dalu | panggya lan jêng pangeran | babêktane sadaya pan sampun katur | kaatur dhatêng narendra | tuwin ing Pangran Dipati ||
147.056 liring pèni-pèninira | Pasêdhahan katur ing sri bupati | pratmaja duta wotsantun | sêmbahipun pun bapa | kaatura paduka tuwin sang prabu | kang sapangat sri narendra | myang jêng paduka pinundhi ||
147.057 lèngsèr kang tênaya suta | wayah lagya kulêm samya lumaris | wus umasuk ing wana gung | lawan wadya sadaya | ngalor ngetan nagri ing Caruban rawuh | tan kandhêk ing lampahira | artatine kang lumaris ||
148. Dhandhanggula
148.001 gantya ingkang winuwusa malih | sri narendra kang kantun nêgara | kêlangkung sangêt gêrahe | sang nata gêrah lumpuh | sampehane tan kêna osik | otêr wong sanjro pura | maras ing tyasipun | alami tan sinewaka | jêng pangeran dipati tikbra ing galih | tuwin rêkyana patya ||
148.002 ingkang nglurug sampun dèn timbali | mantri anom sakawan lumampah | datan kawarna lampahe | ing Pranaraga rawuh | lan pangeran sampun pinanggih | dhawuhakên timbalan- | ira sang aprabu | pangeran ngaturan [[f. 549v]: nga...turan] wikan | lamun gêrah kang raka sri narapati | pangran kapiting[3] driya ||
148.003 gupuh dènnya ngundhangi wadya lit | Ki Urawan wus sinungan wikan | tuwin pra dipati kabèh | têngara budhal sampun | pan ginêlak lampahing baris | siyang dalu lumampah | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Kartasura | jêng pangeran lajêng tumamèng jro puri | wus panggih lan narendra ||
643–644 dari 650

 


Samirana (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.51.2). (kembali)
Bandingkan: gumulung (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.51.5). (kembali)
kapitèng (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.2.10; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.2.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.1.10). Bandingkan: kampita (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.2.10). (kembali)