Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
147–148 dari 149
643–644 dari 650
6.427–6.436 dari 6.494
147.056 liring pèni-pèninira | Pasêdhahan katur ing sri bupati | pratmaja duta wotsantun | sêmbahipun pun bapa | kaatura paduka tuwin sang prabu | kang sapangat sri narendra | myang jêng paduka pinundhi ||
147.057 lèngsèr kang tênaya suta | wayah lagya kulêm samya lumaris | wus umasuk ing wana gung | lawan wadya sadaya | ngalor ngetan nagri ing Caruban rawuh | tan kandhêk ing lampahira | artatine kang lumaris ||
148. Dhandhanggula
148.001 gantya ingkang winuwusa malih | sri narendra kang kantun nêgara | kêlangkung sangêt gêrahe | sang nata gêrah lumpuh | sampehane tan kêna osik | otêr wong sanjro pura | maras ing tyasipun | alami tan sinewaka | jêng pangeran dipati tikbra ing galih | tuwin rêkyana patya ||
148.002 ingkang nglurug sampun dèn timbali | mantri anom sakawan lumampah | datan kawarna lampahe | ing Pranaraga rawuh | lan pangeran sampun pinanggih | dhawuhakên timbalan- | ira sang aprabu | pangeran ngaturan [[f. 549v]: nga...turan] wikan | lamun gêrah kang raka sri narapati | pangran kapiting[1] driya ||
148.003 gupuh dènnya ngundhangi wadya lit | Ki Urawan wus sinungan wikan | tuwin pra dipati kabèh | têngara budhal sampun | pan ginêlak lampahing baris | siyang dalu lumampah | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Kartasura | jêng pangeran lajêng tumamèng jro puri | wus panggih lan narendra ||
148.004 sumêsêp ing raka mangênjali | ing padane jêng sri naradipa | mangusapi ing lêbune | sang nata ngandika rum | kayaparan lakunirèki[2] | sang ari matur nêmbah | raharja pukulun | sang prabu malih ngandika | ingsun yayi kêna lara tanpa kardi | lumpuh tan kêna obah ||
148.005 kayaparan karsanira yayi | apa ingkang kinarya usada | kalangkung dening sangête | sihing Yang Maha Luhur | ingkang rayi matur wotsari | paduka narimaa | sihing Yang kang rawuh | pintên banggi ta ing benjang | bokmênawi angsal apuntên Yyang Widi | ing mangke tinarima ||
148.006 Jêng Pangeran Pugêr wus umijil | sangking pura praptèng dalêmira | sinêngkalan duk gêrahe | sang sri naranatèku | wong ningali obahing bumi |[3] sawarsa laminira | dènnya gêrah suku | ing lamine tan winarna | ganti warsa wau ta sri narapati | inggar wong Kartasura ||
148.007 apan nadar sang sri narapati | yèn waluyya dènira agêrah | anadar ngrampok sima kèh | lawan lêlumban wau | lawan sagung para dipati | marang sagara yasa | iku nadaripun | ngrampok sampun kalampahan | sima kathah lajêng lêlumban nêrpati | marang sagara yasa ||
148.008 kacatur baya ngambilan dhingin | miwah bajule binêktèng mêntas | Radèn Sudira kang kinèn | dènira sang aprabu | pan cinatur lêbêting warih | kampuhnya pinarêmas | tan mawi acucul | tan têlês kêna ing toya | bajul [[f. 550r]: ba...jul] kalih cinangking ing asta kèri | mêntas maring dharatan ||
643–644 dari 650

 


kapitèng (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.2.10; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.2.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.1.10). Bandingkan: kampita (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.2.10). (kembali)
Terdapat tanda titik sekitar tujuh (7) kali antara "lakunirè" dan "ki". (kembali)
Tanggal: wong ningali obahing bumi (AJ 1621). Tahun AJ 1621 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Juli 1697 sampai dengan 9 Juli 1698. Lihat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.5.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.6.5; dan bandingkan: janma miyat obahing bumi (AJ 1621) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.6.5). Sangkala ini mengacu pada masa sakit keras Susuhunan Kartasura yang menyebabkan lumpuh total dan tidak mampu bergerak. (kembali)