Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
147 dari 149
638–639 dari 650
6.380–6.389 dari 6.494
147.009 turăngga ran pun Samboga | apan rinaraban sangkêlat kuning | sutra jingga tirahipun | kuda mêtu adheyan | Radèn Martataruna ing wurinipun | anitihi kuda janjan | biru aran Sewagêni ||
147.010 Radèn Dipati Têruna | munggèng wurinira nitih kuda brit | nyirik pun Tambang ranipun | ing wuri sapa Dyan |[1] Wăngsatruna nitih kuda gula gêmpung | ararab sangkêlat jingga | palisir dipăngga kuning ||
147.011 turăngga ran pun Gunawan | ing wurine radèn timur kêkalih | Radèn Săngka Sudamèku | anitih kuda pêthak | sira Radèn Sudama kudane dhawuk [[f. 546v]: dha...wuk] | ing wuri nulya kang rama | ginêrbêg wong magêrsari ||
147.012 waos pêthak kawan dasa | nitih kuda pangeran songsong kuning | syarane bala gumuruh | pasisir munggèng wuntat | pan ing Kudus sapangilèn ingkang tumut | ginêlak lampahing bala | wus nabrang Kali Samanggi ||
147.013 arêrêb wetan bêngawan | pan sadalu enjing budhalkên baris | ing marga datan winuwus | wus prapta Jagaraga | panganjure yuda wus praptèng Madiun | Ki Tumênggung Mangkuyuda | lan Natayuda prajurit ||
147.014 sigêgên kang lagya mlampah | kawarnaa kang baris Pranaragi | ing warta sampun misuhur | yèn wadya Kartasura | panganjuring yuda wus praptèng Madiun | kang dadya ing tungguling prang | Pangeran Pugêr prajurit ||
147.015 wong Pasuruan siyaga | pangarsane ing Kali Tambang baris | wadyèng Pasuruan wau | kang anèng Pranaraga | karsanipun agêmbul ing kali sampun | anênggih ing Kali Tambang | pan sampun bodhol kang baris ||
147.016 wus awor ing Kali Tambang | amalatar wadya amacêk baris | gêntya wau kang winuwus | Tumênggung Mangkuyuda | lan kang rayi Natayuda wus angutus | ing mantri atur uninga | ing kangjêg pangeran aglis ||
147.017 yèn mêsah sampun malatar | Jêng Pangeran Pugêr budhal tumuli | rawuh ing bumi Madiun | sampun anonjok surat | mring Ngabèi Êlor myang Ngabèi Kidul | pan sêmaya karya pêjah | aja kêmba ing ajurit ||
147.018 ya ta wadyèng Kartasura | apan sampun ayun-ayunan jurit | anêtêk têngara umyung | miwah wong Pasuruan | atêngara bêndhe tinitir angungkung | tinata kang ponang bala | pangawat kanan lan kèri ||
638–639 dari 650

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing wuri sira Radyan (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.10.4). (kembali)