Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
147 dari 149
640–641 dari 650
6.396–6.405 dari 6.494
147.025 akêkuwu kithanira | pan alami wong wetan nèng Kadhiri | lêt sapta latri angutun[1] | nabrang ngalèn[2] macalang | ambêbahak têlatah bumi Madiun | lan pacalang Kartasura | nèng Kartasana ajurit ||
147.026 sring panrêp[3] wong Kartasura | binantonan wonge prasamya lari | yèn tinilar bantunipun | pacalang wetan mênang | lamun têka bantune wong wetan larut | yèn mungkur wong Kartasura | wong wetan anarutuli ||
147.027 ya ta wau Jêng Pangeran | Pugêr anèng ing kitha Pranaragi | apan ta sampun angutus | ing mantri tur uninga | yèn prang rame wadya kang pêjah apupuh | wor musuh [[f. 547v]] kêlawan rowang | kalih atus winatawis ||
147.028 duta praptèng Kartasura | sampun katur marang sri narapati | langkung sukanirèng kalbu | wau sri naradipa | Radèn Arya Sindurja sampun angutus | awèh wruh yèn wus apêrang | mring kumêndur Jêpara glis ||
147.029 amundhut bantu Walănda | yèn ayuda rame akèh pêpati | wong Jawa pan kalih atus | kang mati ngadilaga | sêrat dalêm ing Jêpara sampun rawuh | Kapitan Dulkup wus undhang | undhang ing para upêsir ||
147.030 kan para upêsir prapta | Petor Bilman sêmana sampun prapti | ing loji sira kumêndur | sêrat wus ingurmatan | tinupiksa yèn sêrat mundhut bêbantu | ya ta Kumêndur Jêpara | mubêng gènira wèh pêksi ||
147.031 marang petor ing Sêmarang | duk sêmana maksih petor kang jagani |[4] pan durung ana kumêndur | ingkang loji Sêmarang | mung Jêpara anyar jinagan kumêndur | sajênêngira sang nata | ing Kartasura nagari ||
147.032 sagung upêsir Japara | ponang sêrat linaju ing Batawi | gantia ingkang winuwus | kang wontên pambarisan | Jêng Pangeran Pugêr akalangon nutug | sang putra para wêdana | ing wona tuwin ing warih ||
147.033 apan lêt ing pitung dina | jêng pangeran ngadu pacalang nênggih | arame buru-binuru | sabên-sabên ayuda | Kartasana ing Pace dènira campuh | ya ta wau kawuwusa | sira Radèn Surapati ||
147.034 sampun ngaturan uninga | lamun ingkang yuda wadya kalindhih | putra kalih kinèn bantu | Radèn Lêmbu kang tuwa | ingkang anom Radèn Lêmbara ranipun | kêkalih maksih jêjaka | binaktan sèwu prajurit ||
640–641 dari 650

 


angutus (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.25.3). (kembali)
ngilèn (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.25.4). (kembali)
pinrêp. Bandingkan: binrêg (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.26.1). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing Samawis maksih petor jagani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 123.115.2); kang jagani loji anyar Sêmawis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 33.29.2). (kembali)