Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
147 dari 149
641–642 dari 650
6.404–6.413 dari 6.494
| 147.033 | apan lêt ing pitung dina | jêng pangeran ngadu pacalang nênggih | arame buru-binuru | sabên-sabên ayuda | Kartasana ing Pace dènira campuh | ya ta wau kawuwusa | sira Radèn Surapati || |
| 147.034 | sampun ngaturan uninga | lamun ingkang yuda wadya kalindhih | putra kalih kinèn bantu | Radèn Lêmbu kang tuwa | ingkang anom Radèn Lêmbara ranipun | kêkalih maksih jêjaka | binaktan sèwu prajurit || |
| 147.035 | sami wadya gêgangsingan | putra kalih sampun winêling rêpit | binêktanan atur-atur | pêthèn barana mulya | sigra budhal sangking Pasuruan sampun | Rahadèn Lêmbu Lêmbara | gumyah syarane kang baris || |
| 147.036 | ing ênu datan winarna | sampun [[f. 548r]: sa...mpun] prapta wau prajèng Kadhiri | wus apanggih wadyanipun | rêrêb Kadhiri ika | tigang latri rahadyan anulya manggut | wadya sapalih binêkta | kang sapalih nèng Kadhiri || |
| 147.037 | wus anabrang palabuhan | pangarsane Caruban sampun prapti | wau ta ingkang winuwus | kang baris Pranaraga | jêng pangeran siniwèng ing tarub agung | andhèr kang para dipatya | prawira nung-anung ngarsi || |
| 147.038 | sira Dipati Urawan | myang Tumênggung Wirawidigda ngarsi | Tumênggung Mangkuyudèku | myang ari Natayuda | pra dipatya pasisir seba sadarum | Tumênggung Sajanapura[1] | ing Jêpara kang nagari || |
| 147.039 | ing Dêmak Ki Suranata | Ki Tumênggung Rêksanagara Têgil | Rahadèn Nitiyudèku | Dipati Pakalongan | Radèn Madurêtna tata munggèng ngayun | Kêndhal Ngabèi Ngawăngga | tuwin Răngga Lèpèntangi || |
| 147.040 | Ki Răngga Yudamênggala | ing Pamalang ran Sêcanêgarèki | ing Kudus Pangeran Kidul | Dyan Dipati Urawan | alon matur anggèr mêsah wetan rawuh | bantu sangking Pasêdhahan | sikêp sèwu winêtawis || |
| 147.041 | ingkang nindhihing[2] gêgaman | anakipun kalih pun Surapati | Lêmbu Lêmbara ranipun | mangke sampun anabrang | palabuhan ing Caruban sampun rawuh | jêng pangeran angandika | hèh kakang paran karsèki || |
| 147.042 | matur Dipati Urawan | yèn suwawi pinêthuk ing ajurit | sintên kang sampeyan tuduh | pra dipati akathah | jêng pangeran pangandikanira arum | Si Tumênggung Janapura | lawan Si Tumênggug Têgil || |
641–642 dari 650
| 1 | Sujanapura (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.38.6). (kembali) |
| 2 | nindhihi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.41.1). (kembali) |