Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
147 dari 149
641–642 dari 650
6.406–6.415 dari 6.494
147.035 sami wadya gêgangsingan | putra kalih sampun winêling rêpit | binêktanan atur-atur | pêthèn barana mulya | sigra budhal sangking Pasuruan sampun | Rahadèn Lêmbu Lêmbara | gumyah syarane kang baris ||
147.036 ing ênu datan winarna | sampun [[f. 548r]: sa...mpun] prapta wau prajèng Kadhiri | wus apanggih wadyanipun | rêrêb Kadhiri ika | tigang latri rahadyan anulya manggut | wadya sapalih binêkta | kang sapalih nèng Kadhiri ||
147.037 wus anabrang palabuhan | pangarsane Caruban sampun prapti | wau ta ingkang winuwus | kang baris Pranaraga | jêng pangeran siniwèng ing tarub agung | andhèr kang para dipatya | prawira nung-anung ngarsi ||
147.038 sira Dipati Urawan | myang Tumênggung Wirawidigda ngarsi | Tumênggung Mangkuyudèku | myang ari Natayuda | pra dipatya pasisir seba sadarum | Tumênggung Sajanapura[1] | ing Jêpara kang nagari ||
147.039 ing Dêmak Ki Suranata | Ki Tumênggung Rêksanagara Têgil | Rahadèn Nitiyudèku | Dipati Pakalongan | Radèn Madurêtna tata munggèng ngayun | Kêndhal Ngabèi Ngawăngga | tuwin Răngga Lèpèntangi ||
147.040 Ki Răngga Yudamênggala | ing Pamalang ran Sêcanêgarèki | ing Kudus Pangeran Kidul | Dyan Dipati Urawan | alon matur anggèr mêsah wetan rawuh | bantu sangking Pasêdhahan | sikêp sèwu winêtawis ||
147.041 ingkang nindhihing[2] gêgaman | anakipun kalih pun Surapati | Lêmbu Lêmbara ranipun | mangke sampun anabrang | palabuhan ing Caruban sampun rawuh | jêng pangeran angandika | hèh kakang paran karsèki ||
147.042 matur Dipati Urawan | yèn suwawi pinêthuk ing ajurit | sintên kang sampeyan tuduh | pra dipati akathah | jêng pangeran pangandikanira arum | Si Tumênggung Janapura | lawan Si Tumênggug Têgil ||
147.043 Pamalang lawan ing Kêndhal | Kaliwungu sira mapaga jurit | hèh Sudira anak ingsun | sira kang nindhihana | nêmbah matur radèn sandika turipun | tuwin sagung pra dipatya | sandika sarêng wotsari ||
147.044 lawan sira Mangkuyuda | Natayuda lah milua [[f. 548v]: milu...a] nak mami | kang liningan nêmbah sampun | lèngsèr sangking ngayunan | pra dipatya sanega bêndhe angungkung | wus tata sawadyabala | budhal sangking Pranaragi ||
641–642 dari 650

 


Sujanapura (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.38.6). (kembali)
nindhihi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.41.1). (kembali)