Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
147 dari 149
641–642 dari 650
6.410–6.419 dari 6.494
147.039 ing Dêmak Ki Suranata | Ki Tumênggung Rêksanagara Têgil | Rahadèn Nitiyudèku | Dipati Pakalongan | Radèn Madurêtna tata munggèng ngayun | Kêndhal Ngabèi Ngawăngga | tuwin Răngga Lèpèntangi ||
147.040 Ki Răngga Yudamênggala | ing Pamalang ran Sêcanêgarèki | ing Kudus Pangeran Kidul | Dyan Dipati Urawan | alon matur anggèr mêsah wetan rawuh | bantu sangking Pasêdhahan | sikêp sèwu winêtawis ||
147.041 ingkang nindhihing[1] gêgaman | anakipun kalih pun Surapati | Lêmbu Lêmbara ranipun | mangke sampun anabrang | palabuhan ing Caruban sampun rawuh | jêng pangeran angandika | hèh kakang paran karsèki ||
147.042 matur Dipati Urawan | yèn suwawi pinêthuk ing ajurit | sintên kang sampeyan tuduh | pra dipati akathah | jêng pangeran pangandikanira arum | Si Tumênggung Janapura | lawan Si Tumênggug Têgil ||
147.043 Pamalang lawan ing Kêndhal | Kaliwungu sira mapaga jurit | hèh Sudira anak ingsun | sira kang nindhihana | nêmbah matur radèn sandika turipun | tuwin sagung pra dipatya | sandika sarêng wotsari ||
147.044 lawan sira Mangkuyuda | Natayuda lah milua [[f. 548v]: milu...a] nak mami | kang liningan nêmbah sampun | lèngsèr sangking ngayunan | pra dipatya sanega bêndhe angungkung | wus tata sawadyabala | budhal sangking Pranaragi ||
147.045 sagunge para dipatya | Radèn Suryakusuma kang nindhihi | syarane wadya gumuruh | Tumênggung Janapura | ing Japara wau kinarya panganjur | gêgaman abrang asinang | sragêni tri atus ngarsi ||
147.046 Rahadèn Suryakusuma | munggèng têngah măngka tungguling baris | anyirik turangganipun | putih anglir badhaya | sira radèn sinongsongan kartas biru | yèn sinawang polahira | lir putra Ngawănggapati ||
147.047 lampahe baris ginêlak | wus anabrang Kali Dhadhung kang baris | watêsing Caruban rawuh | ya ta wong Pasuruan | wus miyarsa yèn binanjêl barisipun | mêdal sangking pasanggrahan | têngara anata baris ||
147.048 pan sampun ayun-ayunan | Radèn Lêmbu Lêmbara kang nindhihi | bêndhe tinitir angungkung | sigra wadya mawantah | Janapura kang munggèng ngarsa anêmpuh | wadyèng Japara atadhah | arame bêdhil-binêdhil ||
641–642 dari 650

 


nindhihi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 129.41.1). (kembali)