Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
148–149 dari 149
649–650 dari 650
6.482–6.491 dari 6.494
| 148.054 | kang umiyat samya marmèng ati | Somabrata dyan mangsah manêmbah | ing pada sang prabu anom | gêntya para tumênggung | pan sadaya samya ngabêkti | tuwin măncanagara | samya ngaras suku | miwah Adipati Sampang | Surabaya agênti pangeran katri | samya asêsalaman || |
| 148.055 | tan adangu kondur sri bupati | ginarêbêg ing para biyada | asri tinon ing jênênge | wus prapta ing kêdhatun | sakathahe wong dalêm puri | amêthuk sri nalendra | syaranira umyung | sang nata lajêng pinarak | prabayaksa ingkang ibu dèn aturi | Jêng Ratu Kulon prapta || |
| 148.056 | sri nalendra sigra angundhangi | marang sakèhe wong dalêm pura | yèn Ratu Agêng ibune | sampun mupakat wau | ing sagunge wong dalêm puri | yèn Ratu Kilèn ika | asilih jêjuluk | Ratu Agêng ingkang nama | pan kacatur putra nata mung sasiki | garwa lyan tan pêputra || |
| 148.057 | atanapi ingkang para sêlir | pan kacatur yèn kala awawrat | jangkêp ing tigang wulane | yèn Ratu Kulon wau | amiyarsa wawrat kang sêlir | anulya pinaranan | sinanjan wismèku | dumadak wawratan ilang | iya sangking Ratu Kulon anjampèni | dursila ing jro driya || |
| 148.058 | ya ta ngandika sri narapati | mring parêkan sira dhawuhêna | timbalan ingsun dèn age | mring Somabrata iku | sakathahe para dipati | padha mêkajangana | yèn wus pitung dalu | sidhêkahe kangjêng rama | iku padha muliha para dipati | ngungkurna panangkilan [[f. 555r]] || |
| 149. Pangkur | |
| 149.001 | parêkan tur sêmbah mêdal | sapraptane wau ing păncaniti | dyan dhinawuhakên gupuh | marang ing Somabrata | pan sandika Somabrata aturipun | apan sampun ingundhangan | sakathahe pra dipati || |
| 149.002 | datan winarna sêmana | praptèng dina Soma nata tinangkil | kang wadyabala supênuh | andhèr ing panangkilan | wong kaparêk tan kaliru pêrnahipun | ugyanira sowang-sowang | kadya pawiyosan syargi || |
| 149.003 | sang nata munggèng dhêdhampar | angandika marang rêkyana patih | hèh Si Sodama sun jungjung | linggihe sangking ngandhap | apan ingsun sêngkakakên ing aluhur | pan ingsun karya wêdana | wêdanane wong panumping || |
| 149.004 | lawan sun paringi aran | Si Ariya Madurêja anênggih | Somabrata nêmbah matur | jumurung karsa nata | wontên abdinira kadipatèn wau | apan paranakan Cina | têtiyang sangking Sêmawis || |
| 149.005 | langkung dene kinasihan | tinariman dening sri narapati | ingangkah sudara tuhu | aran Ki Pusparaga | sutanipun Radèn Mangunrana iku | kang kinarya têtarihan[1] | dènira sri narapati || |
649–650 dari 650
| 1 | Bandingkan: têtariman (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 131.5.6). (kembali) |