Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
148 dari 149
646–647 dari 650
6.452–6.461 dari 6.494
148.024 ya ta ing antara gênti warsi | Radèn Arya Sindurêja gêrah | asangêt lajêng sedane | langkung ngungun sang prabu | ing pêjahe rêkyana patih | binêkta Parimana | dènira kinubur | sêmona pan sinêngkalan | buta kalih măngsa jalma duk ing nguni |[1] ganti ingkang winarna ||
148.025 sri nalendra akarya pêpatih | punggawèng jro Kyai Sumabrata | sampun ingèstrèn dadine | dening wadyabala gung | kang gantèni nayakèng puri | Ki Ăngga ning Suranatan |[2] wis jinujung lungguh | anggêntèni Sumabrata | sinung aran Tumênggung Wiragunèki | asisih Wirarêja ||
148.026 pan minăngka pêpatih [[f. 551v]] jro singgih | patihirèng jawi Sumabrata | Jêng Pangran Dipati Anèm | sinung wawênang wau | amarentah kang pra dipati | tuwin sagunge wadya | punggawa nung-anung | dadya Patih Sumabrata | Wiraguna barang prakarèng nagari | tur wikan ing pangeran ||
148.027 tan antora ganti warsa malih | Ki Dipati Urawan pralena | apan tan ana sutane | êmase pinêrtêlu | kang saduman Wirarajèki | saduman Wiraguna | kang sadumanipun | Sarawadi Suranata | wus jinunjung linggihe dene nêrpati | sarya sinungan aran ||
148.028 Ki Tumênggung Wirasastra nênggih | kang saduman amas[3] Kurawanan | Ki Wirasastra kang duwe | ya ta wau sang prabu | animbali putrane rèki | Pangeran Adipatya | prapta ing kadhatun | anêmbah angaras pada | sri narendra pangandikanira aris | dhuh nyawa sutaningwang ||
148.029 dèn abêcik gènira akrami | lawan arinira Kapugêran | pan ingsun iki ta êmèh | ana karsa Yyang Agung | pamit ingsun saungkur mami | maring Kang Amaha Mulya |[4] aja kongsi kupur | ing panjênêngira nata | lêstaria aja na kang bèncèng pikir | lan kadang warganira ||
148.030 poma sutèng ulun Ki Dipati | pamanira dhimas Kapugêran | lan si adhi Pamalange | kulanana satuhu | dene wanti dènira wit sih | wong roro iku uga | minăngka wawêngku [[f. 552r]: wa...wêngku] | jêjête Dipati Sampang | yèn ta tampah jêjêt wêngku dèn kalisi | măngsa dadia wadhah ||
148.031 ingsun iki liwat sangking watir | yèn tinggala kaprabon ing sira | durung pracaya jatine | marma sun mandhêk mangu | lamun sira tan angowahi | salire solahira | babo sutèng ulun | rêmpit prakarane praja | akèh lire ratu măngka drêsananing | jalaraning Yyang Sukma ||
148.032 ingkang putra ingandikan enjing | malah lingsir dènira wilulang[5] | duk samya mugèng panêpèn | Nitipraja winangun | tuwin Jayalêngkara Surti | solahe Nitipraja | kang kinarya wuruk | apan niti wanti-wantya | pinasthika prabu myang sêdyanirèki | kaping tri utamanya ||
148.033 kang putra winarnèng asmu tangis | tan kawêdal sadalêming driya | anarka yèn sang ramajèng | sampe ing yusyanipun | ingkang putra nêmbah dyan mijil | sapraptanirèng jaba | kadipatèn rawuh | ya ta ing alama-lama | ganti warsa sang nata grah angranuhi | praptèng ing sedanira ||
646–647 dari 650

 


Tanggal: buta kalih măngsa jalma (AJ 1625). Tahun AJ 1625 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juni 1701 sampai dengan 27 Mei 1702. Lihat juga: buta kali [kalih] ngrasa tugil (AJ 1625) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.24.9) buta kalih ngrasa tunggil (AJ 1625) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.22.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.24.9). Sangkala ini mengacu pada wafatnya dua tokoh penting: Radèn Punta dan Patih Arya Sindurêja, yang terjadi dalam tahun yang sama. (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Ănggasuranata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.23.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.25.6); Ki Ăngga Suranata (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.25.6). (kembali)
ampas (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.26.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.28.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.28.2). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: mring Kang Amaha Mulya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.29.6); mring Hyang Kang Maha Mulya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.27.6); darapon lastaria (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.29.6); ywan ingsun wus palastra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.29.6). (kembali)
winulang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.32.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 34.32.2). (kembali)