Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
148 dari 149
644 dari 650
6.431–6.440 dari 6.494
| 148.003 | gupuh dènnya ngundhangi wadya lit | Ki Urawan wus sinungan wikan | tuwin pra dipati kabèh | têngara budhal sampun | pan ginêlak lampahing baris | siyang dalu lumampah | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Kartasura | jêng pangeran lajêng tumamèng jro puri | wus panggih lan narendra || |
| 148.004 | sumêsêp ing raka mangênjali | ing padane jêng sri naradipa | mangusapi ing lêbune | sang nata ngandika rum | kayaparan lakunirèki[1] | sang ari matur nêmbah | raharja pukulun | sang prabu malih ngandika | ingsun yayi kêna lara tanpa kardi | lumpuh tan kêna obah || |
| 148.005 | kayaparan karsanira yayi | apa ingkang kinarya usada | kalangkung dening sangête | sihing Yang Maha Luhur | ingkang rayi matur wotsari | paduka narimaa | sihing Yang kang rawuh | pintên banggi ta ing benjang | bokmênawi angsal apuntên Yyang Widi | ing mangke tinarima || |
| 148.006 | Jêng Pangeran Pugêr wus umijil | sangking pura praptèng dalêmira | sinêngkalan duk gêrahe | sang sri naranatèku | wong ningali obahing bumi |[2] sawarsa laminira | dènnya gêrah suku | ing lamine tan winarna | ganti warsa wau ta sri narapati | inggar wong Kartasura || |
| 148.007 | apan nadar sang sri narapati | yèn waluyya dènira agêrah | anadar ngrampok sima kèh | lawan lêlumban wau | lawan sagung para dipati | marang sagara yasa | iku nadaripun | ngrampok sampun kalampahan | sima kathah lajêng lêlumban nêrpati | marang sagara yasa || |
| 148.008 | kacatur baya ngambilan dhingin | miwah bajule binêktèng mêntas | Radèn Sudira kang kinèn | dènira sang aprabu | pan cinatur lêbêting warih | kampuhnya pinarêmas | tan mawi acucul | tan têlês kêna ing toya | bajul [[f. 550r]: ba...jul] kalih cinangking ing asta kèri | mêntas maring dharatan || |
| 148.009 | samya cingak ingkang aningali | digjayane Rahadèn Sudira | wong dalêm anggêbyur kabèh | miwah wau sang prabu | nutug dènnya kasukan warih | wus kundur sri narendra | prapta ing kadhatun | sêmana tulus raharja | Kartasura ya ta ing alami-lami | wontên kang cinarita || |
| 148.010 | garwanira Pangeran Dipati | sangking Ngunje sampun apêputra | sajuga pêkik warnane | lan wontên sêliripun | tiyang sangking Kambêng mêdali | antara tigang căndra | babar ingkang sunu | lan garwa Ngunje punika | samya jalu putrane Pangran Dipati | kang sêpuh winastanan || |
| 148.011 | Radèn Mas Bumi dene kang rayi | winastanan Radèn Mas Panênggak | kang sêpuh katêlah radèn | iya Radèn Mas Sêpuh | tan kawastan Radèn Mas Bumi | nuli garwa pêputra | ing Ngunje puniku | inggih miyos jalu ika | inggih sami garwa sangking Ngunje malih | punika winastanan || |
| 148.012 | apan karan Rahadèn Mas Alit | pan katiga pinundhut ing eyang | pinutra-putra eyange | marang eyang sang prabu | samya basa rama mring aji | ing rama basa kakang | Pangran Dipatyèku | nuli malih apêputra | sêlir sangking Kalang mêdaling[3] pawèstri | tuwin Radèn Panênggak || |
644 dari 650
| 1 | Terdapat tanda titik sekitar tujuh (7) kali antara "lakunirè" dan "ki". (kembali) |
| 2 | Tanggal: wong ningali obahing bumi (AJ 1621). Tahun AJ 1621 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Juli 1697 sampai dengan 9 Juli 1698. Lihat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.5.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.6.5; dan bandingkan: janma miyat obahing bumi (AJ 1621) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 230.6.5). Sangkala ini mengacu pada masa sakit keras Susuhunan Kartasura yang menyebabkan lumpuh total dan tidak mampu bergerak. (kembali) |
| 3 | mêdali (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 124.10.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 130.12.9). (kembali) |